Cerita iki diwiwiti saka nalika Sunan Prawata
lan Hadiwijaya gabung ing kelompok murid Sunan Kalijaga saka Selo dadi kanca
raket, miturute Sunan Kudus kuwi mau
amarga panjaluke Sunsn Klijaga. Panggabungan iki dianggep ngelongi kawibawan
lan ngece Sunan Kudus. Arya Panangsang dadi murid siji-sijine kang isih setya
marang gurune, yaiku Sunan Kudus. Deweke wIs didukung Sunan Kudus kanggo mbales
dendam lan njaluk hak kadudukan Demak. Nalika Arya Pangsang ngadepi
perkawis-perkawis kang gegayutan karo kadudukan Demak, khususe ngadhepi lawan
politike, ora liya Sunana Prawata, dewekwe mesti jaluk nasehat lan pambyantune
Sunan Kudus. Hubungan guru karo murid kuwu ora namung sebates segi spiritual,
amarga perkawis agama uga bisa dianggo konsentrasi alat politik. Kawibawan guru
iku ora namung bates ngajar spiritual, ananging bisa uga dadi ahli politik lan
melu tandang nalika urusan pemerintahan.
Perkawis perebutan kadudukan Demak iki akeh
beda pendapat antarane para wali. Sunan Giri kang dadi ketua para wali ora
sarujuk yen Pangeran Sekar diangkat dadi Raja Demak. Miturut Sunan Kudus
Pangeran Sekar pantes dadi Rajja Demak amarga deweke putra sing tua. Ananging
Sunan Giri nganggep yen bobot ilmu agamane Pangeran sekar iku ora ana apa-apane
yen di bandingake karo Pangeran Trenggana, saengga Pangeran Trenggana sing
luwih pantes dadi panguwasa Demak kang bisa ganti Pati Unus. Wasananae para
wali ngangkat Pangeran Trenggana sing dadi Raja Demak.
Perkara mau kalanjutake nalika Pangeran
Trenggana wafat, para wali akeh kang beda pendapat. Sunan Giri nyalonake Sunan Prawata
kang dadi panggantine Pangeran Trenggono, Ananging Sunan Kudus ora sarujuk amarga Sunan Prawata wes
mateni pangeran Sekar. Sunan Kudus ngajokake Arya Pnangsang (Adi Pati Jipang)
sing dadi panguwasa Demak, alesane amarga Arya Panangsang iku pewaris Demak
paling tua. Ananging Sunan Kalijaga milih Hdiwijaya sing dadi panguwasa Demak
llan jaluk kerajaan dipindah ing pedalaman, kang beda karo Sunan Kudus sing
orientasine ing kerajaan pesisiran.
Kaanan kaya mankono mau jalari ruweting pamarentahan
Demak kang nyebabake kaanan kang ora tentrem lan akeh kedadeyan paten-patenan
kang dilakokake Arya Panangsang. Arya Panangsang didakwo akeh nglakoni
pambunuhan lan kejahatan.
Sawise oleh pangestone Sunan Kudus, Arya
Panangsang ngangkon abdine kang jenenge Rangkut kanggo mateni Sunan Prawata,
sanalika Rangkut wes twkan omahe Sunank Prawata, nalika kuwi Sunan Prawat kang lara lan lagi
senden ing dadane bojone, Sunan Prawata
ngeti tekane tamu kang ora di undang, Sunan Prawat takon, “sapa kowe ?” Rangkut
banjur jawab, “kula utusanipun Adipati Arya Pnangsang, dipun utus mateni
paduka.” Sunan Prawata ujar, “ya karepmu, nanging aku wae sing mbuk pateni, aja
nganti ana sing mati maneh saliyane aku.” Sanalika Rangkut banjur nyubleske
keris ing dadane Sunan Prawata sak jero-jerone nganti tembus geger lan ngenani
dadane bojone Sunan Prawata. Sunan Prawata kang isih rada sadhar ngeti bojone
tatu, cepet-cepet njabut keris mau kang jenenge Kyai Betok, banjur diuncalake
menyak Rangkut, rangkut kang kena keris mau mati sanalika, Sunan Prawata
lanbojone uga mati.
Ratu Kalinyamat kuwi sadulure Sunan Prawata.
Ratu Kalinyamat dikenal wong wadon kang ayu, pinter lan waninan. Krungu kabar
yen Sunan Prawat mati, atine Ratu kalinyamat tratapan kaya dicubles sembilu.
Ratu kalinyamat kang lagi wae digarwa Sultan Hadirin. Sawise ing kuburane
kangmase, Ratu Kalinyamat dikancani bojonelan prajurite menyang omahe Sunan
Kudus kanggo jaluk tanggung jawabe. Saurunge kuwi Ratu Kalinyamat nemokake
keris Kyai Betok ing sacedake mayite kangmase, Ratu Kalinymat reti yen keris
kuwi mau kerise Sunan Kudus. Satekane ing omahe Sunan Kudus, Ratu Kalinyamat
ngomong apa kabeh kang wis dialami kangmase, yaiku Sunan Prawata tiwas lan
garwane tiwas amarga dipateni murid kang di tresnanai Sunan Kudus, ora liya ya
Arya Panangsang. Banjur Sunan Kudus jawab, “kakangmu Prawata kuwi wes utang
nyowo marang Arya Pnangsang, mulane matine kakangmu ya kuwi sing dadi
balesane.” Ratu Kalinyamat sing krungu jawbane Sunan Kudus kang kaya ngono lara
atine. Banjur dheweke mulih menyang Jepara. Arya Panangsang reti yen Ratu
Kalinyamat lan bojone mulih saka omahe Sunan Kudus. Ing dalan rombongan Ratu
Kalinyamat mau di kroyok dening para utusane Arya Panangsang, bojone Ratu
Klinyamat tiwas ana ing kedadean mau. Ananging Ratu Kalinyamat cepet-cepet di
gowo mlayu dening Prajurite. Amarga kwatir yen di pateni dening Arya
Pnangsang. Ratu Kalinyamat karanta-ranta banget atine, sebab lagi wae tininggal
sadulure lanang, saiki malah ditambah bojone nusul, mulane Ratu Kalinyamat
prihatin banget.
Sawise matine bojone, Rtu Kalinyamat munggah
kadudukan kanggo gantekake bojone lan di percaya mimpin Jepara. Jepara dadi
maju banget nalika pamarentahane Ratu Kalinyamat, amarga kateguhan lan
kawanenane Ratu Kalinyamat.
Ananging emboh apa sing dirasakake Ratu
Kalinyamat ngeti kanyatane uripe sing ditinggal wong kang ditresnani amarga
dipateni dening Arya Panangsang ora liya isih sadulure dewe. Apa maneh ing buri
kedadean iki ana campur tangane wali, Kanjen Sunan Kudus. Bingung, jengkel,
sedih campur aduk dadi siji “iki ora adil” sambate Ratu Kalinyamat. Kasengsaran
kabeh mau dirasakakae Ratu Kalinyamat. Ora ana sing wani nandingi Arya
Panangsang,amarga deweke duweni kasaktensing ora bias dikalahake, apa maneh ana
campur tangane Sunan Kudus, kabeh mau wes ora bener, tokoh penyebar agama sing
kudune nengahi perkara malah dadi sebab kedaden iki.
Mulane Ratu Kalinyamat duwe krenteg supaya
jaluk pitulungan Gusti karo lakon nyepi, tapa, ing panggonan sing adoh saka
keramenan donyo. Ing salah sawijining dina Ratu Kalinyamat nyepakake bekal
sacukupe, banjur Ratu Kalinyamat mangkat karo pengiringe arupa dayang-dayang
kinasih lan ana maneh rombongan sing dipimpin Ki Suta Mangunjaya,golek
panggonan kanggo tapa.
Ratu Kalinyamat tapa ora adoh saka
pasanggrahane, naming pirang meter menyang wetan. Ing panggonan sing ombo mau,
anan wit-witan gede lan ketel. Apamaneh panggonane sacedake kali. Mulane
panggonan mau pantes kanggo tirakatan. Banjur panggonan mau nganti saiki
jenenge “gilang”, yaiku saka tembung gilang-gilang sing tegese ombo.
Isih ditemokni watu sing bekas panggonan
sembayange Ratu Kalinyamat lan pancuran wudu. Kabar tapane Ratu Kalinyamat
tekan kupinge Hadiwijaya, sawise oleh pangestu saka Ki Panjawi, Hadiwijaya
banjur lungo niliki mbakyune ing panggonan tapane, deweke mbujuk mbakyu ipare
supaya ngebari anggone tapa lan mulih menyang Kraton. Ananging Ratu Kalinyamat
wies duwe tekat sing kuat. Malah Ratu Kalinyamat banjur pindah anggone tapa
menyang Gunung Donoroso sing saiki ana ing Desa Pengkol (Loji Gunung), amarga
ing kunu uga wes ora bias ngayemke pikiran. Mulane Ratu Kalinyamat pindah maneh
golek panggonan sing sepi. Mulane Ratu Kalinyamat dikancani dayange golek
panggonan maneh.
Sasuwene ing dalan sawise pirang-pirang dina
ing dalan, rombongane Ratu Kalinyamat kepethuk uwong sing jenenge Ki Pejing, Ki
Pejing nunjukake panggonan sing apik banget kanggo tapa, yaiku panggonan sing
sepi lan ing pinggir kali cilik sing bening banyune lan ora tau asat, saliyane
kuwi lemahe uga ambune wangi. Ratu Kalinyamat dikancani dayange goleki
panggonan mau. Sidane Ratu Kalinyamat nemokakae panggonan mau. Amarga panggonan
mau lemahe mambu wangi banjur dijenengi Sitiwangi (siti=lemah, wangi = arum),
sadurungi tapa, Ratu Kalinyamat tapa, deweke suci lan wudu disik ing kali
sacedakepanggonan tapa mau.
Ratu Kalinyamat anggone solat, zikir tafakur
ing duwur watu. Ananging Hadiwijaya ora kapok goleki mbakyu ipare mau, banjur
deweke nusul ing panggonan tapane mau,Sultan banjur lungo menyang Lereng Gunung
Donorojo bengi-bengi dikancani Ki Pamanahan, Ki Panjawi, lan katelu Raden
Ngabehi Loring Pasar (Danang Sutawijaya), sawise tekan ing panggonan tapane
Ratu Klainyamat ujar “Adimas Prabu, apa karepmu teka ing papanku kene ?”.
Sultan Pajang jawab, “Mbakyu, Aku rene
amarga krungu kabar,yen mbakyu ninggalake negarii, lan tapa ing Gunung Donorojo
lan ora nganggo wusana,apa ta sing dadi susah ing atimu mbakyu ?” Sultan Pajang
nglipur lan mbujuk Ratu Kalinyamat supaya bali lan mimpin Jepara maneh Sultan
Pajang ujar, “menawa matine kakang Kalinyamat menika wes takdir saka Gusti.”
Ratu Kalinyamat ujar, “Aku seneng yen kowe gelem niliki Aku,nanging Aku orra
bakal klambenan sadurunge Arya Panangsang mati.” Ratu Kalinyamatnerusake
omongane, lan sapa wae sing bias
ngringkus sing tumindak zalim, bakal tak wenehi kesugihan lan gaweanku,” Sultan
Pajang sing krungu ujare Ratu Kalinyamat mau ngrasa mrinding, sabenere Sultan
Pajang kepingin ngewangi Ratu Kalinyamat kanggo ngringkus Arya Panangsang,
ananging ora no sing wani nglawan Arya Panangsang, jalaran Arya Panangsang kuwi
jagoan pilih tanding wektu kuwi. Amarga dukungane Ki Panjawi, Sultan Pajang
wani ngewangi Ratu Kalinyamat ngringkus Arya Panangsang, sawise musyawarah
antarane Ki Panjawi, Ki Pemanahan, Ki Mentahun, akhire Raden Ngabehi Loring
Pasar (Danang Sutawijaya) lan Arya Panangsang tarung lan Arya Panangsang bias
diringkus dening Raden Ngabei Loring Pasar, mulane sawise kuwi kerajaan Demak
dipindah menyang Pajang. Banjur Ratu Kalinyamat dijaluki tulung supaya nglawan
Portugis. Ratu Kalinyamat akeh kelangan prajurit, jalaran ora ono persiapan lan
gawe strategi perang. Ananging Ratu Kalinyamat ora ngalah. Saka kuwi Ratu
Kalinyamat dikenal wong sing waninan dening kerajaan liya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar