Minggu, 10 Januari 2016

ARTIKEL



Budaya Ngelabang Bengok ing Desa Bermi Mijen Demak
NGATINI
2611414005
Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang
Sekaran, Gunungpati, Semarang, Jawa Tengah, Email: ngatinitomi@gmail.com, Handphone: 0857401515956
ABSTRAK
            Ngelabang bengok kang dilakokake para masyarakat ing desa Bermi kecamatan Mijen kabupaten Demak dadi salah sawijine kabudayan. Amarga kagiyatan ngelabang bengok wus dadi salah sawijine kabiyasaan masyarakat kanggo ngisi wektu sela sinambi ngenteni tibane wayah panen. Saliyane kuwi, kabiyasaan ngelabang bengok uga bisa nambahi perekonomian masyarakat. Kanggo nguri-uri kabudayan iki, prelu dianakake pembangunan industry bengok, supaya masyarakate ora angel anggone masarake asil ngelabang bengok.
Kata kunci : budaya, ngelabang, bengok.
PENDAHULUAN
Sebagian besar masyarakat di desa Bermi berprofesi sebagai petani dan buruh tani.  Di sela-sela menunggu hasil panen, masyarakat desa Bermi berkegiantan mengepang eceng gondok. Bab kaya ngene iki dilakokake amarga masyakat desa Bermi kanggo ngisi waktu sela nganti wayah panen, saliyane kuwi uga kanggo nambahi penghasilan.
Rata-rata masyarakat desa Bermi kerja dadi tani utawa buruh tani. Ing sela-sela ngenteni asil panen, masyarakat desa Bermi duweni kagiyatan ngelabang bengok. Bab ngene iki dilakokake amarga masyarakat desa Bermi kanggo ngiseni wektu sela nganti wayah panen teka, saliyane kuwi uga bisa nambahi penghasilan.
bengok urip ngambang ing dhuwur banyu lan kadhang kala ngoyot ing jero lemah. Dhuwure kira-kira 0,4-0,8 meter. Ora duwe gagang. Godhong tunggal lan bentuke oval. Pucuke lincip,  bonggol godhonge ngglembung. Godhonge lunyu lan warna ijo. Kembange kalebu kembang majemuk, bentuke bulir, bentuk kelopake tabung. Bentuk wijine bulat lan warnane ireng. wohe kotak duweni ruang telu lan warnane ijo. Oyodte kalebu oyod serabut. Bengok biyasane urip subur ing rawa-rawa, kali-kali gedhe lan jero, lan liya-liyane.
Ngepang yaiku sawijine kagiyatan nganyam rambut lan liyane, tembung saliyane ngepang yaiku ngelabang. Budaya utawa kabudayan asale saka basa sanskerta yaiku buddayah, kang kalebu bentuk jamak saka budhi (budi utawa akal) diartekake sebagai bab-bab kang gegayutan karo budi lan akal manungsa. Ing desa Bermi, kagiyatan ngelabang bongok wus dadii rutinitas masyarakete, saengga bab kasebut bisa diartekake sawijine kabudayan. Saliyane dadi sampingan, ngelabang  bengok uga bisa mbangun perekonomian lan social masyarakat.
Prakara utama kang ana ing masyarakat yaiku kurange minat para remaja kanggo nguri-uri budaya ngelabang bengok kag dadi budaya masyarakat. 
HASIL DAN PEMBAHASAN
Budaya ngelabang bengok dadi salasawijine warisan budaya kang ana ing desa Bermi kecamatan Mijen kabupaten Demak. Bengok biyasane dianggep dadi tanduran kang ngrugekake, amarga biisa nyebabkake banyu rawa dadi cethek, matine ekosistem banyu. Nanging masyarakat desa Bermi bisa ngolah bengok dadi klabangan bengok kang mengkone didol menyang pengepul kanthi rego Rp 3500/kg nganthi Rp 5000/kg.
            Masyarakat kang kerja dadi buruh tani luwih duwe minat ngelabang bengok tinimang masyarakat kang kerja ing bidang industry. Sebab sadurunge dadi klabangan, bengok kudu nglewati saperangan proses. Proses kasebut mbutuhake waktu kang rada suwe.
           







Ing ngisor iki saperangan peoses bengok sadurunge dadi tali klabangan bengok:
Gambar.1  bengok ing rawa
Proses kapisan yaiku proses pamethikan, proses pamethikan yaiku proses pemisahan antarane bonggol karo oyod bengok. Proses iki ora gampang, sebab wong kang methik kudu mlebu ing jero banyu lan milehi bonggol kang wus tuwa. Amarga bonggol kang wus tuwa duweni serat kang kuwat, saengga nalika diklabang bengok ora gampang pedhot.
Description: C:\Users\User\Documents\My Bluetooth\2016-01-01 13.39.41.jpg
Ganbar.2 proses mepe bengok
            Proses kapindo yaiku proses mepe utawa nggaringake bonggol bengok kayata gambar ing nduwur. Bab iki tujuane ngilangake  kandungan banyu  kang diwuni bengok. Tingkat garing lan orane bengok bisa mempengaruhi asil akhir klabangan. Saya garing bengoke mula asil akhir klqabangan saya apik. Nalika proses iki mbutuhake energi srengenge kang cukup. Proses nggaringake bisa mbutuhake waktu pitung dina utawa luwih, gumantung panas srengennge.  Nalika wayah udan, mula bisa menghambat proses penggaringan lan nyebabake bosoke bonggol bengok kang durung garing banget.

Description: C:\Users\User\Documents\My Bluetooth\2016-01-01 12.22.07.jpg
Gambar.3 saiket bengok kang wus garing
Proses katelu yaiuku proses ngiket antarane bonggol bengok siji kanthi liyane. Bab iki tujuane kanggo supaya gampang nalika mindahake bengok kang wus garing supaya ora kecer.
Proses kaping papat yaiku proses nyiram, proses iki gunane supaya bonggol bengok kang wus garing dadi empuk supaya bisa diklabang. Manawa ora nglewati proses iki, mula proses ngelabang bakale angel, jalaran bonggol bengok kaku. Sawisw nglewati proses nyiram, banjur bengok ditus suwene 5-10 menit. Proses iki gunane supaya nalika diklabang bengok ora ngetokake banyu.
Description: C:\Users\User\Documents\My Bluetooth\2016-01-01 13.42.57.jpg
Ganbar.4 tali klabangan bengok
Proses kelima yaitu proses mengepang eceng gondok hinggga menyerupai tali panjang seperti pada gambar diatas. Proses ini merupakan proses penggabungan antara batang eceng gondok satu dengan yang lain hingga membentuk sebuah tali panjang. Proses ini membutuhkan keahlian menyambungkan antar batang eceng gondok.
Proses kaping enem yaiku proses nggunting turahan-turahan sambungan bengok kang isih ketok ing permukaan tali. Proses iki gunane supaya tali bengok katon rapi lan nggampangake proses sabanjure. Proses iki nggunakake alat gunting.
Description: C:\Users\User\Documents\My Bluetooth\2016-01-01 12.20.52.jpg                
Gambar.5 tali bengok kang digulung nganggo alat khusus
Gambar.6 alat kanggo nggulung tali bengok
Proses kping pitu yaiku proses nggulung tali bengok nganggo alat khusus kaya gambar ing duwur. Alat kasebut diciptakake masyarakat dewe. Alat kasebut gunane kanggo nggampangke nggulung tali bengok. Kanggo ngetokakae bengok, alat kasebut kudu diuculi utawa dibongkar. Kanggo nggampangake proses mbongkar, alat kasebut didesain bongkar pasang.
 Eksistensi Mengepang Eceng Gondok
            Saya majune jaman modern nyebabake eksistensi ngelabang saya mudun. Jalaran para remaja luwih mileh dolan tinimbang ngelabang bengok. Para remaja luwih seneng bab-bab kang nyenengake tinimbang lungguh ing ngomah sinambi ngelabang bengok. Sawise muleh sekolah, para remaja milih turu utawa dolan tinimbang ngelabang bengok. Bab kaya ngene iki kang nyebabake kabudayan ngelabang bengok saya ilang ing kalangan masyarakat.
SIMPULAN
            Ngelabang bengok dadi sawijine kabudayan ing desa Bermi kecamatan Mijen kabupaten Demak  jalaran dadi sawijine kabiyasaan masyarakat. Kabiyasaan ngelabang bengok dilakoni masyarakatnalika ngenteni wayah panen lan bisa mbantu perekonomian masyarakate. Lumantar ngelabang bengok, masyarakat duweni aktifitas saliyane tani. Ngelabang bengok uga bisa ngurangi pertumbuhan bengok ing rawa-rawa. Ngelabang bengok kudu nglewati saperangan proses lan mbutuhake waktu sela kang lumayan  suwe.
DAFTAR PUSTAKA
www.kamusbesar.com/68085/mengepang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar