Sabtu, 09 Januari 2016

GURIT "Ora Bisa Pisah"



Ora Bisa Pisah

Ibarat banyu satetes
Bawang sasiyung
Beras saelas
Daging sairis
Godhong sapapah
Kembang sagagang
Kertas salembar
Krambil sajanjang
Nanging aku karo sliramu
Ibarat sandhal sapasang
Dara sajodho
Keris sawarangkane
Gedhang sadebogke
Layang saprangkone
Ora bisa dipisahake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar