ADEGAN : KA I. PLATARAN
SWASANA : GAYENG
IRINGAN : DHINAMIS
WANCI : ESOK
PROPERTI :
BENDERA OBAR-ABIRPARAGA : 1. PARA PAJINEMAN
2. WONGSO DRIYO
3. RADEN AYU SATITI
4. PARAMPARA
KATRANGAN : a. Wongso Driyo nglempakaken
Para Pajineman lajeng pun arak nyambut
dhatengipun Raden Ayu Satiti.
b. Para Pajineman sami njejogetan.
01. WONGSO DRIYO
( Mantep ) Ca leren dhisik ! Iki Raden Ayu Satiti wis tedhak.
02. PAJINEMAN II.
( Mantep – Sero ) Satiti ?! 3X
03. PARA PAJINEMAN
( Mantep – Sero ) Mantep ! 3X
04. RADEN AYU SATITI
( Sareh – Cetha ) Matur nuwun sanak kadhangku kabeh. Aku ora ngira
menawa. Nganti kaya ngene anggonmu padha menehi pangormatan tumprap aku. Mula
sak-iki aku malah butuh ngerti apa sing tok karepake tumprap aku. Dene sliramu
kabeh padha njurung aku minangka dadi badan wakiling kawula Nogo Bondho.
05. PAJINEMAN I.
( Mantep ) Inijih Nyuwun pangapunten. Yek-tosipun kula
sak-perangan taksih kepingin ngertos menapa Den Ayu Satiti. Sak-estu saget
ngluwari kacingkranganing kawula Nogo Bondho sak-sampunipun lenggah dampar
minangka dados wakiling para kawula ingkang sak-estu ngantos dumugi sak-menika
taksih bingung. Bade menapa ?
06. WONGSO DRIYO
Heh ! Kowe durung percaya marang kawegigkane Den Ayu Satiti ta ?
07. RADEN AYU SATITI
( Sareh – Mantep ) Wis ben ora apa-apa paman Wongso Driyo. Aku ngerti
kekuatiraning kawula. Jalaran pancen nganti sak-iki sak-perangan Parampara lan
Nayaka durung ana keng dianggep makili suaraning kawula. Nanging ngganggep
menapa isih mung nengenake butuhe dhewe.
08. PARA PAJINEMAN
( Saur manuk ) Leres !
Pancen niku kasunyatane ! Ora ana
sing isa dipercaya !!!
09. RADEN AYU SATITI
( Dhateng para kawula ) Sanak kadhangku kabeh. Ing ngarep aku wis
nate ngendhika,
aku ora arep janji. Nanging menawa aku pancen tok sengkuyung minangka
dadi pengayomaning kawula Nogo Bondho. Aku bakal mbudidaya ngluwari apa sing
gawe bingunging kawula. Merga kanti cara apa wae durung bisa ngrampungke perkara.
10. PAJINEMAN III.
( Mantep ) Menapa Den Ayu sagah, sak-derengipun sak-estu dipun
sengkuyung dening para kawula langkung rumiyin tumut tanggel jawab paring
ngertos kados pundi caranipun kawula bade nyengkuyung salah satunggaling
pengayoman. Ingkang ngantos wekdal sak-menika taksih katah kawula ingkang
bingung.
11. RADEN AYU SATITI
Mesti wae saguh. Awit menawa kawula
nganti bingung ora ngerti carane nyengkuyung, kuwi tegese aku durung bisa
ngerti perkaraning kawula. Mula saka kuwi aku uga ngaturi Parampara supaya
nylentrahake ngenani Pranata anyar Nogo Bondho.
( Dhateng Parampara ) Bapa. Sumangga penjenengan kula aturi paring
ngertos ngengingi pranatan anyar Nogo Bondho ingkeng sampun dipun sarujuki
dening para Parampara lan Nayaka Praja Nogo Bondho.
12. PARAMPARA
( Alus – Cetha ) Wonten ing serat Pranatan anyar ingkeng sampun dipun
sarujuki sedaya Parampara saha Nayaka Praja Nogo Bondho, Wonten angger-angger
ingkeng ungelipun. “ Sok sapa-a ora
mandhang Nayaka, Sentana lan kawula dhuwe wenang jumeneng minangka
pangayomaning kawula. Lanang, wadhon ora kudu anak pembarep keng ateges anak
nomer Siji, Loro,Telu, Waton disengkuyung dening kawula ya kuwi ingkeng wenang minangka dadi wakiling kawula
lenggah dampar Nogo Bondho. “
Menika babaraning Pranatan Anyar Nogo Bondho.
13. RADEN AYU
SATITI
( Cepet
nyahut – Mantep ) Menawi ngaten
kula ugi taksih wenang nglintir dampar
Nogo Bondha ?
14. PARAMPARA
( Alus – Cetha ) Sok-sintena.
Menika ingkeng dipun sarujuki para Parampara tuwin
Nayaka Praja Nogo
Bondho. Ingkang sampun kacakup wontening Pranatan anyar.
15. WONGSO DRIYO
( Mantep ) Piye ? Wis
gamblang Ca ?! Menawa Den Ayu Satiti isih dhuwe wenang
makili sliramu
kabeh. Yen pancen sliramu percaya lan nyengkuyung Den Ayu Satiti !
.
CUT TO :
ADEGAN : KA II. OMAH SUGIH
SWASANA : LUMRAH
IRINGAN : ILUSTRASI PERKUSI
WANCI : AWAN
PROPERTI : TEH POCI – NYAMIKAN – TENGGOK –
BLANJAN
KATRANGAN : a. Pararel dialog
Wongso Driyo.
01. MBOK SURO
( Pararel dialog Wongso Driyo – Cetha ) Sing ajeng percaya mawon
sinten. !?
Wong nyatane pancen durung ana sing isa dipercaya. Napa malih sak-niki
sing kepingin dha disengkuyung niku akeh. Dadi malah gawe bingunging kawula.
02. SURO
( Nyruput wedhang ) Lha hiya sing disengkuyung kuwi ya sing pancen
dingerteni.
03. MBOK SURO
Le ajeng ngerti tenane mawon pripun ?
Wong ngertine nggih mung saking gambar sing pating templek teng uwit lan
prapatan nika. Ning dereng nate ta ? Tiyang sing kepengin disengkuyung niku
nekani kawula.? Nepungke terus napa sing ajeng ditindhake.?
04. SURO
( Mantep ) Mulane kowe kudu manut aku nyengkuyung Den Mas
Contreng.
Wis mesti ora bakal kleru.
05. MBOK SURO
Sampeyan niku kok seneng banget ta nek kandha kudu. Mbok ampun
dikulinake tembung kudu. Kudu niku padha mawon meksa ta ?. Kamangka ati lan
karep niku ora kena dikuduke je. Nek pancen piyayi niku isa
dipercaya tenan kanti tindhak-tandhuk sing kena nggo patuladan. Ora dikuduke
wae mesti disengkuyung kawula.
Ning nek mung dhuwe lara omong mawon sinten sing ajeng percaya.
06. SURO
La piye le arep ngrobah uripmu nek karo ati lan karepmu dhewe wae ora
percaya.
07. MBOK SURO
Pancen angel je pakne. Nek ati niki wis
kebacut ora percaya. Merga pun tumek diapusi.
08. SURO
( Ngundhang Sari ) Sari,... !
09. MBOK SURO
Sari teng pasar.
Dhatengipun Raden Mas Contreng.
10. RADEN MAS CONTRENG
( Alus ) Kula nuwun......
11. SURO
( Kaget gugub ) Weh,.. Mangga, mangga Den Mas.. Kok injih mboten
utusan rumiyin menawi bade tindhak Rompog kula.
12. RADEN MAS CONTRENG
Pancen iki mau amung krenteking
penggalihku kepingin aku nliti kawula Nogo Bondho Dadi saktenane ora ana wigati
apa-apa kok.
13. SURO
Nanging kados pundi kemawon rak injih
langkung prayogi utusan paring pirsa langkung rumiyin. Dados kula sak-gotrah
saget caos pasunggatan ingkeng limrah.
( Dhateng Mbok Suro ) Mbokne ! Kowe kuwi kok malah mung dlongop wae
ta ? Iki Raden Mas Contreng calon pengayomaning kawula Nogo Bondho (Dateng
Contreng ) Nyuwun pangapunten Den Mas. Kula ngaturaken sembah bekti kunjuk.
14. RADEN MAS CONTRENG
Tak tampa bektimu.
15. MBOK SURO
Iki ta pakne
Raden Mas Contreng. Kula ugi ngaturaken sembah Den Mas.
16. RADEN MAS CONTRENG
Yoh ndhak tampa. Iki sapa ta ?
17. SURO
Menika simah
kula Den Mas. Nyuwun pangapunten dereng nate kula ajak
sowan.
( Ngundhang Rimang ) Rimang,... !
18. RIMANG
( Mundhuk-mundhuk – Alus ) Dhawuh pak Suro...
19. SURO
( Radi alon ) Pak. Bapakmu apa ? Ndara. Awas angger muni pak
meneh.
20. RIMANG
( Alus ) Injih ndara.
21. SURO
Unjukan kagem Raden Mas Contreng. ( Dhateng Den Mas
) Nyuwun
pangapunten
Den Mas.Abdi enggal. Dados taksih kedah dipun ajari. Lan ugi dereng
ngertos sinten ingkeng rawuh .
22. RADEN MAS CONTRENG
Ya ngenani kuwi lo ? Sing bakal tak
pundhutake pirsa marang sliramu. Kenapa kawula durung ngerti marang aku.
Jalaran tindhaku mrene mau kuwi uga ketemu pawongan ya sing durung ngerti
marang aku.. Banjur wis tekan ngendi anggonmu menehi ngerti kawula ngenani aku
bakal nggayuh dampar Nogo Bondho.
23. SURO
Menika namung dereng kemawon. Kula sampun
ngrancang bade ngempalaken kawula wonten griya kula mriki. Mangke lajeng kula
suwun penjenengan rawuh.
Paring pangandikan. Sampun kula pitados kawula bade mongkok manahipun.
24. RADEN MAS CONTRENG
Apa ora malah prayoga menawa ana ing Kasatriyan wae ?
25. SURO
( Mantep – Kemaki ) Wa,.. mboten ? Kawula malah ajrih bade dhateng ?
26. RADEN MAS CONTRENG
Yo wis yen ngono. Banjur wragate pira
mengko sliramu matur wae. Ning nganu... aku arep mrene mau ketemu bocah keng
ngaku jenenge,... Sari. Apa bener kuwi yogamu ?
27. SURO
( Mantep ) Injih Den Mas. Wonten menapa ta ?
28. RADEN MAS CONTRENG
( Radi gugup ) Ora kok. Ora apa-apa. Yen ngono aku pamit ya. Kapan
wektune bakal ketemu kawula aku mung manut.
Mbok Suro. Sapa jenengmu ? Rimang ? Aku pamit.
Raden Mas Contreng bakal kundur nanging ora kanyana-nyana tekane Sari
keng ya ora pati ngawaske keng pungkasane nabrak Den Mas Contreng. Tenggoke
tiba ndilalah anggone bakal njupuk tenggok bareng Den Mas ya arep nulungi jupuk
tenggok. Den Mas lan Sari tatapan. Sari dingkluk terus mlayu mlebu.
Rimang mung nyawang meneng wae. Nanging
atine duwe rasa sujono.
Raden Mas Contreng nyawang terus pamit. Suro nganggep Den Mas Contreng
kepranan marang Sari. Suro banjur mbisiki mbok Suro.
29. SURO
Mbokne. Mrene tak kandhani.
30. MBOK SURO
( Dibisiki Suro – Sinis ) Huh,... !
Mbok Suro ngidid lunga. Suro nututi.
Rimang ngadheg nyawang ning ngemu rasa sujono marang Den Mas Contreng.
CUT TO
:
ADEGAN : KA III. KASATRIYAN
SWASANA :
NGLANGGUT
IRINGAN : ILUSTRASI
PERKUSI
WANCI : ESOK
PROPERTI : LAYANG
PARAGA : 1. RADEN MAS
CONTRENG
2. SAPAR
3. WONGSO DRIYO
KATRANGAN : a. Pararel
Scene/Adegan Ka II.
b. CU : Raden Mas Contreng ngalamun nyawang tebih.
01. SAPAR
( Alon – Nyembah
) Kula ingkeng sowan Den Mas...
02. RADEN MAS CONTRENG
( Radi kaget ) Oh,.. Kene,kene Sapar sowanmu rada maju kene.
03. SAPAR
Injih sendhika Den Mas. ( Maju – Nyembah – Lungguh ) Sowan kula
nglarapaken kakang Wongso Driyo ingkeng bade sowan nandalem Den Mas.
04. RADEN MAS CONTRENG
Hiya, hiya ndhak keparengake Sapar.
Mangga Wa. Njanur gunung sowan kula bade wonten kawigaten menapa Wa ?
05. WONGSO DRIYO
( Nyembah – Alus ) Injih nyuwun pangapunten Den Mas. Sowan kula menika,
kula dipun utus Den Ayu Satiti sakperlu maringaken nawala kunjuk
penjenengandalem.
06. RADEN MAS CONTRENG
Kangmbok Satiti ? Kok kadingaren
layang-layang barang. Injih kula tampi Wa.
07. WONGSO DRIYO
Lan kula supados nengga pangandika dalem
ngengingi serat menika Den Mas.
Wongso
driyo lajeng nyaosaken serat.
Sak-sampunipun serat pun waos dening Den Mas Contreng
08. RADEN MAS CONTRENG
( Mantep ) Wa
Wongso Driyo. Kula sampun ngertos surasanipun serat menika. Pramila Wa Wongso
Driyo kula aturi matur kangmbok Satiti. Bilih kula mboten saget nyengkuyung
kangmbok Satiti nggayuh dampar Nogo Bondho. Jalaran kula ugi dipun sengkuyung
para kawula Nogo Bondho supados lenggah dampar minangka badal wakilipun kawula
Nogo Bondho. Malah menawi kersa kangmbok Satiti kemawon ingkeng nyawiji kaliyan
kula. Nata
kawula Nogo Bondho. CUT TO :
ADEGAN : KA IV.
PLATARAN
SWASANA : RAME
IRINGAN : DHINAMIS
WANCI : AWAN
PROPERTI : GENDERA
OBAR-ABIR
PARAGA : 1. PARA
PAJINEMAN
2. WONGSO DRIYO
3. SAPAR
4. PARAMPARA
KATRANGAN :
a. Para Pajineman sami nengga dhatengipun Wongso Driyo.
01. PARA PAJINEMAN
( Koor - Sero – Mantep ) Pokoke Satiti ! Pokoke Satiti ! Pokoke
Satiti.
02. PAJINEMAN I.
( Mantep – Sero ) Satiti !
03. PARA PAJINEMAN
( Koor – Mantep ) Mantep !!!
Dhatengipun Sapar.
04. SAPAR
( Mangkel – Sero ) Heh ! Bubar ! Bubar !!! Hayo. Isa bubar ora. ?!
05. WONGSO DRIYO
( Rada sareh ) Dhek Sapar. Sampeyan ora isa mbubarke wong-wong iki.
Jalaran iki tanda kastyaning kawula marang piyayi sing arep disengkuyung. Lan
iki uga ora nyalahi Angge-engger kang kapacak ana ing Pranatan anyar Nogo
Bondho.
06. SAPAR
Sing kandha nek niki mboten nerak
angger-angger Pranatan anyar sinten ? Sampeyan niku mbok nyimak sing tenan.
Sepisan tiyang-tiyang sampeyan niki dha ora duwe palilah saking Nayaka Praja
ngenani le dha kumpul. Kaping pindho niki wewengkone sinten ? Niki wewengkone
Den Mas Contreng. Nek ajeng loap-laop nggih teng wewengkon sampeyan dhewe
mrika.
07. WONGSO DRIYO
Kula ngerti nek niki wewengkone Den Mas
Contreng. Ning Sampeyan nggih nyimak. Nek sampeyan ora isa mbubarke wong-wong
niki. Dede wewenang sampeyan nglarang tiyang sami kumpul lan ngumpul.
08. SAPAR
( Jengkel ) Pun
kula ora butuh kekucah sampeyan. Sak-niki sampeyan saget mbubaraken tiyang-tiyang
sampeyan mboten.?
09. WONGSO DRIYO
( Tegas ) Mboten
! Nek kula ora isa mbubarke terus ajeng napa ?
10. SAPAR
( Tegas ) Nek sampeyan ora isa kepeksa ajeng kula bubarke
kanti peksa.!
Para
Pajineman lajeng pating clebung. Swasan dados panas.
Dhatengipun Paramapara nyapih.
11. PARAMPARA
( Sero – Cetha – Wibawa ) Cukup ! Cukup ! Apa rumangsamu nek nganggo
cara nggunake kekuatan kaya ngono kuwi banjur rampung apa ? Anane Pranatan
anyar kuwi aja tok maknani kaya ngene iki. Pancen Pranatan anyar kuwi menehi
kelonggaran marang kawula Nogo Bondho. Ning apa ya kudu kelonggaran kuwi banjur
ora ana batese ? Aja kebablasen ta, anggone maknani kelonggaran. Kabeh pancen
duwe wenang. Merga sakiki wewenang kuwi wis ana tanganing kawula. Ning nganggo
tepa silara. Empan papan. Ngono ya ngono ning aja ngono. Wis ayo bubar kabeh.
Wongso Driyo. Sliramu kudu bisa ngendhake wong-wongmu. Merga sliramu
sing dituake dening wong-wongmu. Lan kowe Sapar. Yen ana apa-apa kowe uga ora
kena tumindhak dhewe. Nanging diaturake sing dhuwe wenang.
12. WONGSO DRIYO
Injih ngestokaken dhawuh.
13. SAPAR
Nggih sendika.
Para Pajineman lajeng sami kesah.
CUT TO
:
ADEGAN : KA V. OMAH SUGIH
SWASANA :
ROMANTIS
IRINGAN : ROMANTIS
WANCI : BENGI
PARAGA : 1. RIMANG
2. SARI
3. SURO
4. MBOK SURO
KATRANGAN : a. Rimang ngalamun
jengkel atine.
b.Sari dhateng. Rimang ngertos Sari dhateng
lajeng bade kesah.
01. SARI
( Radi sero ) Kakang. Kakang Rimang. Arep menyang ngendi ?
02. RIMANG
( Ngampet mangkel ) Bade ngrampungaken pedamelan.
03. SARI
( Radi ngungun ) Lo, kakang ? Kok nganeh-anehi ta ? Ana apa ta kakang
?
04. RIMANG
( Ngampet mangkel ) Mboten wonten menapa-menapa kok. Sampun.
05. SARI
( Menggak ) Kosik ! Salahku apa kakang ? Kok kowe dadi beda
anggoni nanggapi aku.
06. RIMANG
( Tatag ) Nyuwun pangapunten. Kula pancen mboten drajatipun
caket penjenengan. Mas Roro langkung pas menawi caket Den Mas Contreng.
07. SARI
( Lega ) O,..kuwi ta perkarane. Kakang Rimang. Cethane kakang
sujono marang aku ta.Merga aku ketemu Den Mas Contreng.
08. RIMANG
Aku ora sujono. Nanging aku ngrumaksani.
Sarung Jagung. Bobotku apa kok aku wani nresnani kowe. Aku mung jejere batur,
kamangka kowe putrane bendaraku.
09. SARI
Kakang. Tresna keng suci kuwi ora merga
bondho lan donya. Nanging kasetyan lan kapercayan kuwi keng utama. Dadi aku
nresnani kakang kuwi merga aku percaya menawa kakang kuwi setya. Lha kakng
negesi tresna kuwi mung merga bondho lan donya ? Teges kakang durung ngerti
tresna keng sejati. Kakang. Aku nate sumpah setya marang kakang. Jiwa ragaku
tak pasrahke sak-wutuhe. Nanging menawa kurang percaya ya ora apa-apa. Pancen
aku keng kurang pantes nresnani kakang.
10. RIMANG
( Rumangsa salah ) Waduh. Nek ngono aku sing salah nangkep tresnamu
Sari.
Aku luput.Aku durung bisa ngerti katresnan keng sejati. Aku njaluk
pangapura Sari....
11. SARI
( Cepet nyahut ) Ning ngapa ? Isih durung percaya ta ?
12. RIMANG
Percaya, percaya. Sari. Kapan kabagyan
iki isa dadi kasunyatan. Ora mung tansah sesideman. Yen ngrasake kaya ngene iki
kaya-kaya selak kepingin dadi kasunyatan je.
Coba sawangen. Wulan purnama katone njurung marang katresnan iki.
Gandrung.
Romantis. Rampung gandrung dhatengipun Suro. Ngertos Sari lan Rimang nembe
andhon tresna Suro nesu.
13. SURO
( Tajem ) Sari...
14. SARI
( Kaget – Radi ajrih ) Pak,... ?
15. SURO
( Ngampet nesu ) Kaya ngono kuwi ta ?
Nek aku ora neng ngomah ?
16. RIMANG
( Alon – Tatag ) Nyuwun pangapunten ndara. Matur bares kemawon menawi
sak-estu kula tresna dhateng Sari. Sari ugi tresna dhateng kula. Mila menawi
wonten kepareng ipun kula nyuwun lilah lan pangestu.Sari bade kula ajak gesang
bebrayan sesarengan.
17. SURO
( Ngampet nesu ) E,..m. Dadi kowe tresna marang Sari ? Sari uga
tresna marang kowe Pancen wis lumrahe menawa wis padha tresnane kuwi Banjur
mbangun bale omah. Nanging banjur arep tok pakani apa ? Apa kowe isa nuruti
kesenengake Sari ?
Sari kuwi anak lo ? Anake wong sugih. Dadi aku wenang milih mantu.
18. RIMANG
Injih kados pundi kemawon kula bade
mbudidaya amrih saget nyekapi kabetahan tiyang omah-omah. Ingkang baku kula
tresna Sari ugi tresna.
19. SURO
Tak kandhani ya Rimang. Wong bebojoan
kuwi ora mung cukup pawitan tresna ! Nanging bondho donya kuwi rangkeane.
Rimang, Rimang. Bebet bobotmu wae apa kowe wani nyenengi anaku. Apa bandhamu
kuwi wis kena nggo nambak kali. Apa ? Batur wae kemlinthi. Mbok ngrumangsani
nek drajatmu kwui mung gedibal pitulikur.
Hayo minggat ! CUT TO :
ADEGAN : KA VI. PLATARAN
SWASANA : LUMRAH
IRINGAN : IKUSTRASI
STRESSING
WANCI : BENGI
PROPERTI : KEPRUKAN
PARAGA : 1. GLOWAH
2. GLOWEH
3. RIMANG
4. SAPAR
KATRANGAN : a. Pararel dialog
Suro
01. GLOWAH
( Nyekeli sikili Gloweh ) Waduh. Nyuwun pangapunten Rama.
02. GLOWEH
( Kados Wrekudara ) Nek kowe ora gelem dhaup tak ajar ! Piye Tot gelem
ora ?
03. GLOWAH
( Takon ) Kok Tot ? Jenengku sapa ta ?
04. GLOWEH
Kowe kuwi kocape dadi Gatotkaca. Aku
Wrekudara. Wrekudara kuwi nek ngundhang Gatotkaca mung disingkat Tot. Wah jan
bodo kok dipilihara.
( Wrekurada – Mantep ) Piye Tot kowe kudu manut aku. Dhaup karo
putri pilahanku.
05. GLOWAH
( Kados Gatotkaca ) Nyuwun
pangapunten Rama. Kula derek sagah ngladosi wanita. Kula taksih bade nerusaken
kuliah.
07. GLOWEH
( Kados Wrekudara ) Sepisan
menah. Gelam ora. Nek ora gelem tak ajar tenan lo,?
08. GLOWAH
( Kados Gatotkaca ) Kula dereng siap berumah tangga Rama.
09. GLOWEH
( Kados Wrekudara ) Gelem ora ? Tak ajar nek kowe ora gelem manut aku.
10. GLOWAH
( Kados Gatotkaca ) Mboten Rama.
11. GLOWEH
( Kados Wrekudara ) Gelem ra ?!
12. GLOWAH
( Kados Gatotkaca ) Mboten.
13. GLOWEH
( Kados Wrekudara – Mantep – Nggebuk ) Gelem ra ! Ayo kudu gelem !
14. GLOWAH
( Mangkel ) Bubar ! Bubar. Dadi Gatotkaca rong menit isa gagar
otak aku. Bubar !
15. GLOWEH
Lo ? Jarene
ngleluri kabudayan. Kok Mutungan ? Critane kuwi pancen ngono kuwi je.
16. GLOWAH
Ha teneh penak sing dadi Wrekudara. Aku
Wrekudarane. Kowe Gatotkaca.
17. GLOWEH
Wis, ? Isa tenan dadi Wrekudara. Yo wis. Aku Gatotkacane. (Gatotkaca
) Kula Rama..
18. GLOWAH
( Kados Wrekudara – Mantep ) Kowe arep tak dhaupke Tot.
Gelam ra.
19. GLOWEH
( Kados Gatotkaca ) Dhaup Rama. Kaliyan sinten Rama.
20. GLOWAH
( Kados Wrekudara – Mantep ) Karo Ellis. Ya karo Sembadra
wah jan pekok. Lem ra
21. GLOWEH
( Kados Gatotkaca ) Injih sagah Rama. Sak-menika kemawon mangga enggal
pun dhaupaken. Rama.
22. GLOWAH
( Kados Wrekudara – Mantep ) Kowe gelem tenan ? Gandheng
Sembadra durung gelem kowe tak dhaupake marang putri liyane ya gelem ? Hayo
gelem ora.
23. GLOWEH
( Kados Gatotkaca ) Waduh,... Sagah Rama.
24. GLOWAH
( Wrekudara – Mantep ) Gelem ?! Putrine dhuwe lara Mengi tur Aid.
Piye ? Gelem ?
25. GLOWEH
( Kados Gatotkaca ) Mangke rumiyin Rama kula pikire. Injih sampun purun
Rama.
Glowah
mangkel merga ora isa mbales nggebuki Gloweh. Mutung.
26. GLOWAH
( Mangkel – Mutung ) Bubar ! Kapan lehku isa mbales nggebuki. Nek
Gatotkacane cluthak. Waton putri gelem.
27. GLOWEH
Mulane dadi wong kuwi sing pinter. Ora mung pinter akal ning ya kudu pinter
ngakali.
Kamangka sesuk kuwi Den Mas Contreng nak arep
ngumpulke kawula. Menehi bantuan lan ngenalke menawa Den Mas Contreng kuwi ya
maju, nyalon. Aku krungu kowe kang sing menehi ngerti piye cara milih nggo
nyengkuyung Den Mas Contreng.
28. GLOWAH
( Kemaki ) Hu,... gampang nek mung kon nggenahke carane milih.
Kecil Dim. Angger di coblos gambare Den Mas Contreng nak beres.
29. GLOWEH
Ngawur
! Sak-iki wis ra model dicoblos. Ning di centhang.
Dhatengipun Rimang..
30. RIMANG
( Nubruk Glowah ) Pak,.. ! Patenana wae aku pak. Patenana aku !
31. GLOWAH
( Radi bingung ) Lo ? Kosik ta. Teka-teka kopk njuur kon mateni kuwi
nalare piye. ?
32. RIMANG
Pokoke aku patenana pak.
33. GLOWAH
Aku kuwi dudu jagal. Kok kon mateni.Genahe kuwi je heh ?
34. RIMANG
Pokoke nek aku
ora sida rabi. Aku trima mati pak.
35. GLOWEH
E,..gene mung njaluk rabi. Mbok ya
dirabeke ta kang.
36. GLOWAH
Di rabeke ya dirabeke. Ning karo sapa.
Wong Rimang durung tahu kandha aku je.
37. GLOWEH
Hiya le. Rabi kuwi rabi karo sapa ? Apa kowe wis dhuwe calon apa ? Terus sapa le.
40. RIMANG
Sari.
41. GLOWAH
( Kaget ) Heh ?! Mbok eling ta le, le.. Kowe kuwi anake sapa.
Anak batur wae kok ya arep ngepek anake juragane. Cecak nguntal black. Sengara
kelakone.
42. GLOWEH
Ya ora terus ngono kuwi kang. Jan ma tan
kina ing ngina. Apa meneh jaman sak-iki. Waton bocahe wis padha geleme. Wong
tuwa kuwi arep ngapa ta ?
43. GLOWAH
Aku ngerti. Weh. Bocah wis padha seneng.
Ning sing angel kuwi rak malah wong tuwane. ? Hiya ora ? Aku ora sanggup !
44. RIMANG
Ya wis pak. Nek pancen bapak ora saguh. Wis dadis
sumpahku. Aku luwung mati yen ora klakon urip bareng Sari. Aku pamit mati Pak !
Rimang
bade nglalu dipun nggondheli Glowah -Gloweh. Sapar dhateng menggak.
45. SAPAR
Heh ! ? dingapa iki. ?!
46. GLOWAH
Anaku iki arep nglalu kang Sapar.
47. SAPAR
Lha kok arep nglalu kuwi genahe ngapa ?
48. GLOWAH
Njaluk rabi ning aku ora isa nuruti.
49. SAPAR
Gene mung njaluk rabi. Kok nganti direwangi nglalu. Dirabeke rak beres ta ?
50. GLOWAH
Beres. Nek sing arep dirabi kuwi anake
wong lumrah. Ha Rimang kuwi kepingin rabi karo Sari anake kang Suro je. Apa ora
malah kewirangan nek aku nglamarke. Wong watake kaya ngana kae. Lgi mendhem kuasa.
Mendhem Bandha.
51. SAPAR
Anak polah bapa kepradah. Nek mung kuwi perkarane.Gampang.Sesuk kowe
melu aku.
ADEGAN : KA VII. KASATRIYAN
SWASANA : LUMRAH
IRINGAN :
WANCI : ESOK
PARAGA : 1. RADEN MAS
CONTRENG
2. SAPAR
3. GLOWAH - GLOWEH
5. RIMANG
6. SURO
7. SARI
KATRANGAN :
a. Den Mas Contreng ngalamun nyawang tebih..
01. SAPAR
( Alon – Alus ) Kula ingkeng sowan Den Mas.
02. RADEN MAS CONTRENG
( Radi kaget ) Eh,..
?! Sliramu Sapar ? Kene,kene lungguh kene.
03. SAPAR
( Alus ) Injih
sampun Den Mas. Wonten mriki kemawon.
04. RADEN MAS CONTRENG
E,... ora apa-apa. Kene lungguh kene. ( Sapar
lajeng kenggah kursi )
Ana apa Sapar ? Kok sajak ana wigati.
05. SAPAR
Injih nyuwun
pangapunten Den Mas. Sowan kula menika bade nglarapaken
Glowah.
06. RADEN MAS CONTRENG
Glowah kuwi sapa ?
07. SAPAR
Glowah menika tiyangipun kang Suro.
Menapa kepareng kula undhang mriki kemawon supados matur piyambak wonten ngersa
panjenengan Den Mas.
08. RADEN MAS CONTRENG
Yo wis timbalana sowan mrene.
Sapar
lajeng nyowanaken Glowah-Gloweh saha Rimang.
09. SAPAR
Menika Den Mas
10. RADEN MAS CONTRENG
( Radi ngungun ) Lo, ?
Kowe menawa ora kleru abdine Suro ta ?
11. RIMANG
Injih leres Den Mas.
12. RADEN MAS CONTRENG
La, Glowah sing diaturke Sapar kuwi sing endi ?
13. GLOWAH
Kula Den Mas.
14. RADEN MAS CONTRENG
Banjur arep dhuwe wigati apa kowe sowan
aku.
15. GLOWAH
Injih nyuwun
pangapunten Den Mas. Yek-tosipun kula bade nyuwun iguh
pertikel amrih kula mboten kecalan anak.
16. RADEN MAS CONTRENG
Kosik ta. Nalare kuwi kepiye kok nganti arep kelengan anak ?
16. GLOWAH
Anak kula
menika nyuwun supados kula nglamaraken. Kamangka ingkang kapurih nglamar menika
anakipun ndara Suro. Menapa injih kelampahan ndara Suro
menika bade mangestoni lan marengaken anakipun pikantuk anak kula.
17. RADEN MAS CONTRENG
Apa wis tok coba kowe kandha karo Suro ?
18. GLOWAH
Dereng Den Mas. Nanging anak kula menika
malah sampun kadenangan menawi sambet tresna kaliyan Sari anakipun ndara Suro.
19. RADEN MAS CONTRENG
( Kaget ) Dadi Sari yogane Suro kuwi sambung tresna karo
anakmu ta ?
Lha sak-iki endi anakmu ?
20. GLOWAH
( Nuding Rimang ) Menika anak kula Den Mas. Rimang naminipun.
Den Mas Contreng mlenggong nyawang
Rimang sak-sampunipun ngertos Rimang menika pacanganipun Sari. Glowah mendhel
sekedhap.
Lajeng,....
21. RADEN MAS CONTRENG
( Cepet nyahut - Exspresif ) Terus, terus !?
22. GLOWAH
Lajeng ndara
Suro nesu. Rimang dipun usir. Menika aturipun anak kula Den Mas.
Kamangka Rimang aumpah luwung pejah menawi mboten
kelampahan gesang bebrayan kaliyan Sari. Menapa menika mboten ateges kula bade
kecalan anak.Den Mas. Pramila sumangga kula pasrah amrih saenipun Den Mas.
23. RADEN MAS CONTRENG
Hiya ngono apa, Rimang ?
Sapar lejeng matur dhateng Den Mas Contreng. Alon kados
bisik-bisik
24. SAPAR
( Alon ) Nyuwun
pangapunten Den Mas. Rimang menika nem-neman ingkeng dipun suyuti
tiyang-tiyang Banaran nem, menapa dene sepuh.
25. RADEN MAS CONTRENG.
( Alon – Mantep – Cetha ) Nanging kuwi perkara sing ora ana sambunge karo
anggonku nggayuh dampar Nogo Bonbdho, Sapar ?!
26. SAPAR
( Alon – Cetha ) Wonten Den Mas. Menawi penjenengan kecalan Rimang
sami kemawon penjenengan kecalan tiyang ingkeng bade nyengkuyung penjenengan.
Kamangka banaran menika kekiyatan penjenengan anggen
penjenengan bade nggayuh dampar Nogo Bondho. Menawi kula saenipun injih dipun
iguhaken. Manawi mboten, Nandalem piyambak ingkeng tuna.
27. RADEN MAS CONTRENG
( Mendel – Menggalih lebet ) Yen ngono timbalan Suro lan Sari supaya ngadhep aku.
Kowe kabeh tak keparengake sesingidan ana ing
pungkuran dhisik kana.
Glowah-gloweh lan Rimang mlebet. Sapar dhateng kaliyan Suro lan Sari.
29. RADEN MAS CONTRENG
Mestine kowe kaget ndhak timbali supaya
nganti Sari. Ca blaka wae Suro. Aku sak-wise mriksani lan ngerti menawa Sari
kuwi yogamu. Aku banjur
kepingin mundhut mlebu Sari ana ing Kapangeranan. Piye Suro. Apa kowe
nglilakake Sari tak pundhut mlebu ana ing Kapangeranan ? Yen ora tok ulungake.
Ya ora apa-apa ? nanging nyen kowe lila ngulungake Sari, ya sing iklas tulusing
bathin.
30. SURO
( Mantep ) Sak-glugut kolang-kaling pinara sosro manah kula mboten bade nolak pangandika
dalem. Kula namung pasrah sumangga kersa menawi sak-estu penjenengan
ngersakaken anak kula mlebet wonten ing Kapangeranan. Den Mas. Sumangga kula
ulungaken kanti tangan kula sekawan.
31. RADEN MAS CONTRENG
Yoh tak trima banget aturmu. Iki
disekseni Sapar. Lan sing baku sineksenan Gusti allah.
Kandhamu kowe ikhlas lahir bathin Sari tak pundhut.
32. SURO
( Mantep ) Sak-estu
Den Mas. Kula iklhas lahir bathin
Sari penjenengan kersakaken. Sumangga bade penjenengan dadosaken juru dhang
juru penginang kula iklhas !
33. RADEN MAS CONTRENG
Yen ngono sak-iki resmi Sari tak pundhut. Wis pasrah tenan ta ? Ora gela ?
34. SURO
( Samsaya mantep ) Mboten
Den Mas ! Sak-estu lila legawa iklhas lahir bathin.
35. RADEN MAS CONTRENG
Nek pancen ngono Sari dadi wewenangku.
Sari kowe wis mireng ta. Yen kowe wis diparingake aku. Merga kersaku kepingin
mundhut, kowe. ( Sari namung mendel )
Sapar, timbalanan tamuku kae mau. ( Suro kaget Rimang wonten kapangeranan )
Kowe wis tepung apa, karo tamuku iki ? Kok katone kaget sak-wise ngerti.?
34. SURO
( Alon – Getem-getem ) Sampun Den Mas. Menika batur kula.
35. RADEN MAS CONTRENG
Sapar, Glowah-Gloweh lan kabeh sing ana
ing kene. Kowe kabeh minangka seksi menawa dina iki. Kanti resmi Sari bakal tak
Dhaup, ke karo Rimang.! Sarujuk ?!
Sedaya
sami sarujuk. Namung Suro ingkeng mboten sarujuk.
36. SURO
( Mantep – ngadhek ) Aku ora sarujuk. ! Anakku di dhaupke karo gedibalku
!
37. RADEN MAS CONTRENG
Suro. Ing ngarep kowe wis ngulungake Sari
kanti iklhas marang aku. Dadi sak-iki Sari wis dudu wewenangmu. Nanging aku
sing wenang dhawuh Sari.
38. SURO
( Mantep ) Nanging menika namung akal-akalan Den Mas. Penjenangan namung bade damel
dolanan kula. Penjenengan sengaja mirang-mirangaken kula ! Sumpah kula Sari
mboten bade kula dhaupaken Gedibal ala menika ! Kula akeni manawi Sari sampun
kula caosaken penjenengan !. Pramila kula ugi mboten bade selak. Nanging
ginanipun menapa kula nyengkuyung penjenengan menawi penjenengan sampun natoni
ati kula. Pramila wiwit dinten menika kula mboten bade nyengkuyung penjenengan
nggayuh Dampar Nogo Bondho ! Jalaran kula ugi wenang lenggah dampar Nogo
Bondho.
wiwit dinten menika kula ugi bade nggayuh panguwasa !
wiwit dinten menika kula ugi bade nggayuh panguwasa !
R A M P U N G
Tidak ada komentar:
Posting Komentar