SANGKURIANG
Suwijining
dina, kaya biasane Sangkuriang lunga menyang ngalas kanggo manah kewan. Sakwise
neng alas, Sangkuriang anyak nggoleki kewan buruan. Dheweke ndeleng ana manuk
sing lagi mencok ana pang, nuli tanpa mikir dawa Sangkuriang banjur manah manuk
kui kanthi pener. Sangkuriang nuli ngongkon Tumang kanggo ngoyak manuk sing
tibo mergo kepanah mau, nangning Tumang meneng wae lan ora gelem nglakoni apa
sing dadi kongkonane Sangkuriang. Amarga mangkel banget, mula Sangkuriang nuli
ngusir Tumang lan ora ngolehke mulih menyang ngomah bareng Sangkuriang. Sangantine tekan ngomah, Sangkuriang
nyeritoke kedaden kesebut marang ibune. Krungu cerito saka anake, Dayang Sumbi
banjur nesu. Dheweke njupuk enthong, lan digebugake menyang sirahe Sangkuriang.
Amarga rumangsa kuciwa karo ibune, mula Sangkuriang mlayu lunga saka ngomah,
lan ora bali.
Sakwise kedaden kuwi, Dayang Sumbi getun
banget. Dheweke ndedonga saben dina, lan njaluk ben sawiji dina mengko bisa
ketemu karo anake maneh. Amarga donga saka Dayang Sumbi kesebut, mula Dewa
menehine siji bebungah ngrupa kayon lestari lan umur enom salawase. Sakwise
pirang-pirang taun kapungkur Sangkuriang lungo, akhire dheweke nduwe pangarah
kanggo mulih menyang desane. Sangantine neng kana, dheweke kaget banget, amarga
desa ne wis ngowah total. Rasa seneng Sangkuriang kesebut nambah pas wektu neng
tengah dalan ketemu karo sawong wedok sing ayu banget, sing ora liya yaiku
Dayang Sumbi.
Amarga puluhan taun ora ketemu Dayang Sumbi
mula dheweke pangling ugo ra ngerteni yen kui ibune. Singkat cerita mula
Sangkuriang banjur nglamar Dayang Sumbi supaya dadi bojone. Akhire lamaran
Sangkuriang katampa saka Dayang Sumbi, lan sepakat arep rabi neng wayah cedhak.
Suwujining dina, Sangkuriang njaluk ijin calon bojone kanggo berburu neng
ngalas. Sadurung mangkat, dheweke njaluk Dayang Sumbi kanggo ngencengke ikete.
Kaget Dayang Sumbi, amarga nang wektu dheweke ngencengke iketan Sangkuriang,
dheweke ndeleng ana bekas tatu. Bekas tatu kesebut mirip karo bekas tatu anake.
Sakwise pitakon marang Sangkuriang babagan penyebab tatune kuwi, Dayang Sumbi
nambah kaget, jebulna bener menawa calon bojone kesebut yaiku anake dhewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar