Sabtu, 09 Januari 2016

KABUDAYAN


Kabudayan



Tembung “Kabudayanasale saka tembung lingga budayaole hater-ater ka lan panambang an. Tembung budaya kadadean saka pamore bu + daya. Wuwuhan bu ateges : sipat utawa kaanan. Tuladhane, kayata : Bupet = sipat utawa kaanan kang pepet (ora bolong). Wondene tembung daya, ateges : budi (limrahe kasaroja dadi muni budidaya), nalar, angen-angen, panemu. Budaya, ateges : sipating budi, sipating nalar utawa sipating angen-angen. Mungguh sipating budi utawa nalar (angen-angen) iku yen diulah kanthi pangudi bisa mujudake kawruh lan kagunan warna-warna kang diarani kabudayan. Mulane tembung “kabudayan ya banjur ngemu teges : wohing budaya, wedaring nalat utawa angen-angen, babaring pambudidaya, wohing pangulah lakuning budaya utawa akal budi.


Kapetik saking Buku "Kasusastran Djawa I_S. PADMASOEKOTJO"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar