ADEGAN :
SERAMBI KAPANEWON ( Introducing )
SWASANA : KENCENG
IRINGAN : ......................
PROPERTI : TENGGOK – JANGANAN – PADI – PIKULAN
–BUKU
PARAGA : 1. PENEWU SENGKUNI
2. BEBAU SANDI
KAPANEWONAN
3. TIYANG
–TIYANG DUSUN
4. JURAGAN BRONO
LUWIH
PANEWU SENGKUNI
(Lungguh nyambi udut kebal-kebul,
nganggo crutu)
Urip kok ya ayeme ngene ya..ya..
he he he. Samu barang cemawis. Tangi turu, leyeh-leyeh ngopi karo udut. Kopine
telek luwak, udute menak jinggo. Tambah jengking tambah jero. Huwahaha...
Esok kremun-kremun, wong-wong padha kemreyeg asok wulu wetu marang Panewu Sengkuni. (karo nuding awake dhewe). Minangka pangayomane kawula aneng kapanewon kene.
(rada lirih/ bisik-bisk) Keno dimanpaatke, bisa diakali. He..he..he.. (ngetokke culikane).

KATRANGAN : a. Tiyang-tiyang dhusun sami asok
glondhong pengarem-arem datheng Kapanewon. Sami bekta wuluwektu. Wonten ingkang
dipun pikul ugi wonten ingkang dipun gendhong mawitenggok.
01.PENEWU
SENGKUNI
(Kemaki sok kuwasa ) Heh ! ayo rene !klelat-klelet.
(Lajeng ngundang bebaunipun sepados nyatet. Kaliyan
ngodhol-odhol isinipun bulu bekti ingkang dipunbekta tiyang-tiyang dusun)
Sandi ! iki ?!Dicatet ! ( kumawasa ) Iki apa iki??
Wulu wetu mengkene dhapure mbok asokke, rumangsamu nyicil kreditan ompreng apa
piye??
(ganti mriksa sijine) Lha....ngene iki lho sing tak
karepke. Cocok!!
Awake dhewe ki rak urip ana ing pangayomane
Kadhipaten Medhang Miring. Mula awake dhewe anggone asok wulu wetu kuwi sing
akeh marang negarane. Supaya tambah tentrem, saya makmur uripe. Lak ya ngono
ta??
WARGA
Nggih..
(Wangsulanipun tiyang dhusun semu ajrih)
Dhatengipun Juragan Brono luwih.
02.
PENEWU SENGKUNI
(Grapyak – Semanak ) Weh,..... Mangga-mangga Jurugan..
Mboten sisah antri. Mangga,...mangga. ( Dhateng
Sandi ) Diurusi.wong cilik-cilik iki.
(Dhateng Juraga Brono Luwih )
Mangga....mangga.....tindhak melbet kemawon.
Penewu Sengkuni lajeng ngejak juragan Brono
Luwih.......Mojok.
DI BALIK
LAYAR. SILUET.
Ketingal Penewu sengkuni kaliyan Juragan Brono Luwih sami rembagan konspirasi
rekayasa Glondhong pengarem-aremingkang kedah dipun unjukaken wonten ing
Kadipaten.
ADEGAN : KA 1. KABUPATEN MEDHANG MIRING
SWASANA : AGUNG
IRINGAN : AGUNG
PROPERTI : BUAH-BUAHAN
PARAGA : 1. BUPATI KANDHA MARUTA
2. PATIH MEGA MENDHUNG
3. PENEWU
SENGKUNI
4. BEBAU SANDI
5. INDRAYANA
KATRANGAN :
a. Bupati diadhep para nayaka praja. Ngermbag perkawis kabupaten Medhang
Miring. Ingkeng suda Wulu wekdalipun.
01.BUPATIKANDHA
MARUTA
(Duka. Gebrak meja – Close, meja ) Piye... Wakne
Sengkuni !
Wulu wektu Kabupaten saben sasi, saben tahun suda
terus kuwi piye ?!
02.PENEWU
SENGKUNI
( Nyembah ) Injih nyuwun pangapunten ndara Bupati...
pancen tahun menika Kabupaten Medhang Miring nembe krisis...... Kula mesakaken
kawula menawi kula peksa nglunasi bulu bekti....... Jalaran gesangipun injih
nembe rekaos..
Ingkang kaluwihan bandha sami ndhablek. Ngemplang
asok glondhong pengarem-arem wonten Kabupaten Medhang Miring.
03.BUPATI
KANDHA MARUTA
Kok isa ?
04.PENEWU
SENGKUNI
( Mantep – Cetha ) Mergi wonten konspirasi kaliyan
nayaka praja Medhang Miring... Dados wonten gayusipun....Markus Bulu Bekti....
05.BUPATI
KANDHA MARUTA
Sapa ?
06.PENEWU
SENGKUNI
( Nyembah – alus ) Nyuwun pangapunten.....
menawi kepereng perkawis menika dipun
rembag kanthi tertutup kemawon... Mboten terbuka.....
07.PATIH
MEGA MENDHUNG
( Nyembah – Alus ) Nyuwun dalem sewu Kanjeng.... Kepareng
kula nanggapi aturipun Penewu Sengkuni ?
08.ADIPATI
KANDHA MARUTA
Yoh..... dak keparengake....
09.PATIHMEGA
MENDHUNG
Dhi Penewu Sengkuni ? Sliramu kuwi nek matur aja mung waton
matur.?
Ning matura nganggo wewaton..... Sliramu kandha nek anggone
para Sudagar ngemplang ora pasok bulu bekti kuwi ana sing Dombani.... Dalange
nayaka praja Medhang Miring..... Bareng Ndara Bupati mundhut pirsa kowe matur
nek perkara iki kudu kanthi tertutup.... Nek pancen aturmu kuwi akurat... Kena
apa ora dibuka kanthi terang.... Ben kabeh nayaka praja mudhune kawula Mendhang
Miring ngerti... Dadi kawula kuwi ora bingung......
10.PENEWUSENGKUNI
Lo,.... menawi kula matur cara blaka kula saget dipunwastani
nglanggar kode etik ta..
11.PATIHMEGA
MENDHUNG
Kowe mesthine ngerti pranatan ing kadhipaten Medhang
Miring.... ?
Tumprap ukum kuwi ora mandhang sapa wae.... Nek
pancen ukum kuwi ora mung diwaca, nanging dilaksanake....Yen sliramu mung
nyebar kabar lamat-lamat kaya ngono kuwi tegese sliramu arep gawe bingung lan
ngalihake perkara sing durung tinarbuka....
12.PENEWUSENGKUNI
Nyuwun sewu rekyana Patih Mega Mendhung...Penjenengan
menika kok mesthi negatif thinking ta menawi kaliyan kula... kalenggahan njih
inggil penjenengan ? Bandha njih mesthi kemawon,....?
13.PATIHMEGA
MENDHUNG
(Cepet nyahut – Cetha ) Okeh kowe !
Merga sing cedhak karo para Sudagar kuwi kowe ? Hiya
Ta ?
14.PENEWU
SENGKUNI
( Cepet nyahut – kemaki ) Lo.... niku jenenge dakwa
lo ? Napa nek kula celak kaliyan para sudagar niku mesthi trus sugih napa ?
Umpama kula sugih niku rak nggih limrah ta ? Samben kula nggih kathah.... Kalih
malih niku nandakke nek kula luwih dipercaya tinimbang pendhuwur kula.....
15.PATIHMEGA
MENDHUNG
Pendhuwur sapa ? Aku apa ?!
16.PENEWU
SENGKUNI
( Sakpenake ) La penjenengan rumaos dados pendhuwur
kula menapa dede....?
17.BUPATI
KANDHA MARUTA
( Wibawa – Cetha ) Wis...wis.... cukup ! Kok malah ngalor ngidul ora karuan.... sing bakal
tak rembug kuwi ngenani asok sing saya medhun...saya medhun.. bulu bekti keng
mlebu ana ing Kadhipaten...La nek pancen ana sing mbentengi para sudagar ngemplang
anggone pasok bulu bekti kuwi sing perlu di usut....
18.PATIHMEGA
MENDHUNG
(Nyembah ) Nyuwun pangapunten dalem Kanjeng. Awit ingkang
beberaken perkawis ngemplanging para sudagar menika Penewu Sengkuni..
Ateges injih Penewu Sengkuni menika ingkang gadhah
data ?
Pramila kula
nyuwun perkawis menika dipunrembag kanthi terbuka... kajengipun kawula Dalem
Medhang Miring saget ngertos.
19.BUPATI
KANDHA MARUTA
Piye Penewu Sengkuni....?
20.PENEWU
SENGKUNI
Mangke menawi sampun titi wancinipun, temtu badhe
kula bikak perkawis menika... nanging menawi kula beberaken sakmenika, Kula
ajrih menawi malah dados ruwet perkawisipun. Kaliyan malih kula taksih pados
bukti ingkang akurat .
Awit menika ngembet tiyang katah...
21.PATIHMEGA
MENDHUNG
(Nyembah ) Menawi wonten kepareng Dalem.. Enggal kemawon
Nandalem utusan nayaka pados sisik melik perkawis ingkang dipununjukaken Penewu
Sengkuni menika Kanjeng. Jalaran perkawis menika menyangkut kawibawan Ndalem
mandhaping Nayaka Praja Mendhang Miring.
(Penewu Sengkuni Kemaki njupuk buah nanging dipun
samplak tanganipun kaliyan Bupati Kandha Maruta) Panewu Sengkuni
cengingas-cengingis..
22.BUPATI
KANDHA MARUTA
Heh.... ! Sapa sing dhawuh ?!
23.PENEWU
SENGKUNI
(Cengingas-cengingis kewirangan )
He...he....Kepingin.......
24.PATIH
MEGA MENDHUNG
(Sajak ngece ) Syukurrr ! wong kok lancang.....ora
didhawuh kok trunyukan...
25.
PENEWU SENGKUNI
( Nyembah ) Nyuwun pangapunten Kangjeng....
Menawi saking wawasan kula perkawis menika kedah
ngatos-atos anggenipun ngrampungi. Menawi mboten kawula Medhang Miring saget bergejolak.
Kepercayaan kawula tumrap kawibawan dalem saget pudar.
26.
BUPATI KANDHA MARUTA
Seka kuwi aku arep membentuk Tim kanggo nylidhiki perkawis
Markus bulu bekti iki. Mula perkara iki kudu enggal bisa terungkap. Sapa
saktemene sing bermain lan terlibat ana ing perkara iki. Saiki timbalana
Indrayana supaya ngadhep aku.
27.PATIH
MEGA MENDHUNG
(Nyembah- - Mantep ) sendhika !
( Kaliyan Penewu Sengkuni ) Aku apa kowe sing
nimbali Indrayana...?
28.
PENEWU SENGKUNI
Patihe niku kula napa sampeyan...?
29.
PATIH MEGA MENDHUNG
( Radi sengol ) Ha hiya aku ?!
30.
PENEWU SENGKUNI
Lajeng ingkang dipun utus menika sinten.....?
31.
PATIH MEGA MENDHUNG
Ha hiya aku.......
32.
PENEWU SENGKUNI
Ha injih mangga....(Grenengan ) Nek gaweyan kok
ditawak-tawake.
Ning nek nampa kekucuhan ngglenggem meneng wae.....
33.PATIH
MEGA MENDHUNG
Sapa kuwi...... ?
Grenengan...... Adate kuwi sokcemongol-congol.... ben kethok.
34.PENEWU
SENGKUNI
(Sengol ) Kula..kula ! Lereke mung arep ngenani aku ta ?..ndhadak mubeng
menger.
(PatihMega Mendhung lajeng nimbali Indrayana . OUT.
IN malih sampun kaliyan Indrayana)
35.PATIH
MEGA MENDHUNG
(Nyembah ) Menika Indrayana Kanjeng...Sumangga anggen
nandalem paring dhawuh.
36.BUPATI
KANDHA MARUTA
Mesthine sliramu kaget ndhak timbali.....
37.
INDRAYANA
( Nyembah – Alus ) Nun injih Kanjeng.... Sabda
dhawuh dalem.
38.
BUPATI KANDHA MARUTA
(Sareh – Wibawa ) Rebut cukup wae Indrayana. Sliramu
dak timbali iki bakal tak dhawuhi membentuk Tim peneliti ngenani para sudagar
keng padha ngemplang anggone asok Bulu Bekti ana ing kabupaten Mendhang Miring.
Apa bener angone padha ngemplang mau merga ana
konspirasi karo Nayaka Praja Medhang Miring. Yen pancen ana enggal unjuk aturna
aku.
39.
INDRAYANA
( Nyembah – Alus ) Nun injih sendhika ngestokaken
dhawuh Kanjeng.
CUT TO :
ADEGAN : KA III. DALEM KAPANEWON
SWASANA : GEMBIRA
IRINGAN : NGUNDHAMANA
PARAGA : 1. EMBAN
2. JURUTAMAN
3. NYI PENEWU
4. INDRAYANA
5. PANEWU
SENGKUNI
6. BEBAU SANDI
KATRANGAN
:a. Emban kaliyan Jurutaman Nembang Ngundhamana.
01.JURUTAMAN
(Merayu ) Oh,.... ? Dhiajeng Mbiting....I love
youfull.....
02.EMBAN
(Kemayu – Manja ) Wegah aku,.... ndhak kaya mbah
Surip......Kula sampun mbiting ta kramas... i’hik....i’hik.....
03.JURUTAMAN
Mbiting kuwi mbabi glinting.........
( Sengol ) Huuu,.... Kemayu ! Rumangsamu dadi apa ta
kowe ?!
04.
EMBAN
( Clingusan ) Lo... ya aja kaya ngono Kang...... Ya
sekali-sekali ta, ngrasake dadi wongmukti.... Apa mung wong sing kesinungan
bandhaSing oleh seneng. Lan Bahagia..... ? Aku kuwi ya dhuwe hak seneng.......
Enyel-enyelangojeg sak-cukupe... Improvisasi. Ning
kudu lucu....
Dhatengipun : Nyi Penewu.
05. NYI
PENEWU
( Alus – Wibawa ) E..e..e...dha ngapa ta ya ? Tak
mirengke seka patunggon kok kaya le gayeng banget.
Emban kaliyan Jurutaman ketingal ajrih. Clingusan
saling menuding.
06. NYI
PENEWU
( Alus – Cetha ) Ya kaya ngene iki lo, sing marahi
nambahi ruweting praja.
Kowe kuwi abdi kapanewon. Abdine Ndara penewu
Sengkuni wae padha saling curiga... Padha ora gelem ngakoni kesalahane malah
padha nyalahke cokot –cokot dadeke kawula banjur tipis kepercayaning marang
nayaka praja.
07.
JURUTAMAN
( Nyembah ) Injih nyuwun pangapunten Ndara. Kula kok
ingkeng lepat...
08.NYI
PENEWU
La ngono kuwi nek malah apik ta ? ngakoni keluputane.
Banjur njaluk pangapura..
nek malah ora udrek-udrekan ta ? Rampung.
09.
JURUTAMAN
Injih Ndara.......
10.NYI
PENEWU
Wis,..sak-iki neng ngendi momonganmu.. Rayung
Wulan...?
11.EMBAN
La,... menika wonten kolam taman ngajeng.... Nembe
miru sinjang.
Ngendhikanipun kaliyan nengga janakanipun...injih
Nakmas Indrayana...
12. NYI
PENEWU
Em,.... ,bok coba aturana supaya mrene...
13.
EMBAN
Injih sendika Ndara Newu...
Emban lajeng ngaturi Rayung Wulan...
KATRANGAN : Dewi Rayung Wulan ngadhep Nyi Panewu
01.NYI
PENEWU
( Grapyak ) Kene,...kene,... cah ayu Dewi Rayung
wulan....
(Dhateng
emban) Kana dirampungsi sik gaweane sing neng mburi..
02.DEWIRAYUNG
WULAN
Injih Ibu,... Wonten wigati menapa ibu nimbali kula
?
03.NYI
PENEWU
Ya mung kepingin wawan rembug marang sliramu kok Cah
ayu.
Lagi ngapa iki mau, heh ?
04.DEWIRAYUNG
WULAN
Nembe.........
05.NYIPENEWU
(Cepet nyahut ) Lagi ngenteni Indrayana ? Hiya apa ?
06.DEWIRAYUNG
WULAN
(Radi lingsem ) Injih Ibu,...
07.NYIPENEWU
( Alus – Cetha ) Ngono ya ngono ning mbok ya aja
ngono,? Krasa lo? Calon garwamu nek tansah tok antu-antu kaya ngono kuwi ?
Merga tresnane marang sliramu bisa tumus ing ati. Marahi kemrungsung yen arep
tumindak apa wae.
08.DEWI
RAYUNG WULAN
( Nyembah – Alus ) Nyuwun pangapunten Ibu. Menapa
injih klentu menawi kula menika ngajeng-ajeng kangmas Indrayana. Jer kangmas
Indrayana menika calon garwa kula. Rak Injih sampun sak-limrahipun ta Ibu.
09.NYI
PENEWU
Ya pancen orak leru. Ning yen kaya ngono polahmu
kuwi jenenge sliramu ora menehi kebebasan marang Indrayana. Karo meneh sliramu
ya kudu ngerti. Menawa Indrayana kae senajan ora nduwe kedudukan ana ing
kapanewon munggahing kadipaten Medhang Miring nanging calon garwamu kuwi piyayi
sing disuyuti dening kaum muda lan disungkani marang kabeh nayakapraja medhang
Miring dadi panutan lan wis dianggep tokoh masyarakat.
10.DEWI
RAYUNG WULAN
Injih, kula ngertos Ibu. Nanging ati wanita menika
mboten saget pun pungkiri menawi tansah sumelang lan kuwatos menawi calon
garwanipun ndangu mboten wonten kabaripun.
11. NYI
PENEWU
( Cepet nyahut ) Ya ati kaya ngono kuwi sing kudu
tok peper. Sapa ngerti yen calon garwamu kuwi lagi ana perkara sing kudu
dirampungke.
(Dhatengipun Indrayana.)
12.INDRAYANA
Kula nuwun Ibu......
13,NYIPENEWU
(Grapyak ) Weh,... mangga...mangga... Nakmas...
14.INDRAYANA
( Alus ) Injih Ibu....
15.NYI
PENEWU
Ki lho,... sing kok arep-arep wis teka..
16. DEWI
RAYUNG WULAN
( Radi lingsem ) Ibu menika mesti ngaten lo ?
17. NYI
PENEWU
Lo,... wong nyatane rak ya ngono ta ? Kaya Ibu kuwi
ora nate dadi cah enom.
Ibu kuwi wis nate kaya sliramu,... ning sliramu rak
durung nate kaya Ibu ta ?
Ngono wae ndadak......
18. DEWI
RAYUNG WULAN
( Cepet nyahut - Radi lingsem - Alus ) Ibu menika
lo,....
19. NYI
PENEWU
Iki mau sliramu rak tansah ditunggu-tunggu lo Nakmas
Indrayana...
20. DEWI
RAYUNG WULAN
Mboten kangmas. Ibu menika remenipun ngaten menika..
21. NYI
PENEWU
Ha, yah,..tenane,... ? Ngono wae kok isin lo...?
wong nyatane mau le ngarep-arep ya nganti mata walangen kok. Bareng sak-iki wis
teka ngganggo isin barang,... Hiya ora ?
(Dhatengipun
Penewu Sengkuni nyawang Indrayana sajakkirang remen.
Lajengmlebet
pepungkuran)
22.DEWI
RAYUNG WULAN
( Ngungun ) Ibu,... Rama Penewu menika........
23.NYI
PENEWU
(Cepet nyahut ) Wis dikepenake dhisik .... Mangga lo
Nakmas Indrayana dipun sekecakaken..Ibu tak nyuwun pirsa Ramamu....
(Nyi
Penewu lajeng mlebet nututi Penenwu sengkuni.
Bebau
Sandi ingkang ndherekaken Penewu sengkuni nyawang Indrayana ugi lajeng mlebet)
24.
INDRAYANA
( Nyawang – unjal napas ) Ndara Penewu kae sajake
lagi ana bab sing dipenggalih..Mula ayo awake dhewe sumingkir wae dhisik.
25. DEWI
RAYUNG WULAN
Injih mangga kangmas.
(Indrayana
kaliyan Dewi Rayung Wulan lajeng samisumingkir.
IN :
Penewu Sengkuni sinambi ngunjuk ketingal mangkel manahipun.
Nyi
Penewu nututi wonten wingkingipun kaliyan bektabuah-buahan.)
26. NYI
PENEWU
( Alus ) Wonten menapa ta kangmas Penewu ? Kok
mboten kados adat saben ?
Wong ana nakmas Indrayana calon mantune barang kok
ya.... ?
27.
PENEWU SENGKUNI
( Cepet nyahut - Sengol ) Nek ana Indrayana terus
ngapa ?!
Kon nggendhong ngono apa ?!
28. NYI PENEWU
Njih mboten ngaten menika.. Rak ya saru ta ? menawi
dipun sawang calon mantu...
29.
PENEWU SENGKUNI
( Sengol – Sinis ) Sing kandha sapa ?! Mulane nek
ora ngerti kuwi meneng wae!
Ora ndemimil nithil terus !
30. NYI
PENEWU
( Radi jengkel ) Ha injih mboten saget. Nek kon
meneng wae.
Wong nyawang garwane salin serengat kok kon meneng
wae ! Mulane kula kudu ngerti tenane niku onten napa ? Teka-teka kok njur mbesengut. Pasuryane nglumpuk.
31.PENEWU
SENGKUNI
(Grenengan – Jengkel ) Cah kuwi lak ora dhuwe aturan
! Tlunyak-tlunyuk !
32.NYI
PENEWU
Mangke rumiyin ta ? Ingkang mboten gadhah aturan
niku sinten ?
Trus sing tlunyak-tlunyuk niku sinten ?
33.
PENEWU SENGKUNI
( Sengol ) Ha hiya Calon mantumu kae !
34. NYI
PENEWU
( Ngungun ) Mangke rumiyin ta ? Calon mantuku,..?
Indrayana menapa ? Penjenengan menika dos pundhi ta ? Nakmas Indrayana menika
rak ya asring tindak kapanewon ta ? kesupen menapa dos pundhi ? Wong malah
penjenengan njih sampun paring lilah, malah ugi sampun mangestoni sambung
tresnanipun ingkeng putra kaliyan Nakmas Indrayana. Injih mboten ?
35.
PENEWU SENGKUNI
( Sengol ) Kuwi nek mbiyen !
36. NYI
PENEWU
( Saya bingung ) Kula kok malah sansaya ora mudheng
kaliyan pangandika penjenengan ta ? Tenane niku onten napa ta ?
37.
PENEWU SENGKUNI
( Cetha – Sengol ) Sengara mudheng. Ngertimu kuwi
apa ?
Biyen aku pancen nggadhang Indrayana kuwi dadi
mantuku. Merga harapanku bisa ngewangi aku nutup perkara sing lagi dadi kembang
lambe. Ning Indrayana malah saguh membentuk tim kanggo bongkar skandal Medhang
Miring.
Kamangka yen nganti kebongkar tenan, perkara iki
akeh sing terlibat. Klebu......
CUTTO : PARAREL
PANGGUNG
SEBELAH
ADEGAN :
KA IV. TAMAN KAPANEWON
SWASANA : KENCENG
IRINGAN :
ILUSTRASI PERKUSI
PARAGA :
1. INDRAYANA
2. DEWI RAYUNG WULAN
3. BEBAU SANDI
KATRANGAN :
a. Pararel adegan KA.V. Dialog Penewu sengkuni.
01.INDRAYANA
( Pararel dialog Penewu Sengkuni – Cetha ) Rama
Penewu Sengkuni.
Lan akeh Nayaka praja sing uga terlibat ngenani
skandal iki.
Malah indikasine Kanjeng Adipati bisa uga terlibat.
Kuwi sing njalari Rama sengkuni beda tumanggape marang aku. Jalaran aku nyaguhi
mbentuk tim bongkar skandal iki.
02. DEWI RAYUNGWULAN
O,... Menika ta perkaranipun. Ha mbok njih sampun
penjenengan ora usah melu-melu perkara menika. Menawi tundhonipun saget ngancam
kasugengan penjenengan.
03.
INDRAYANA
( Matep ) Akuora isa lepas tangan nganani skandal
iki, Rayung Wulan. Merga yen aku ora wani bongkar mengkono dadi ora karu-karuan
kahanan Medhang Miring. Jalaran skandaliki wis ora isa ditolerensi meneh. Merga
ora mung ngrugeke Kadipaten Medhang Miring. Nanging kawula sing kena imbase.
Sing kudune wulu wektu mau kena kanggo mensejahterakan kawula nanging padha di
rayah dening Nayakapraja. Klebu,...
04. DEWI
RAYUNGWULAN
( Radi mangkel – Manja ) Rama sengkuni,..?! Injih ta
?! ( Mlengos nebih )
05.
INDRAYANA
( Alus ) Lo,...lo,...lo,...Ya aja njur kaya ngono
kuwi ta Rayung Wulan....
Iki tanggung jawab moral kanggo njejekake pranatan
keng bersih dan berwibawa.
06.DEWI
RAYUNG WULAN
( Taksih radi mangkel ) Kula ngertos kangmas.
Nanging kula menika namung ngeman penjenengan. Menawi ngantos terlibat perkawis
skandal menika.
Paribasan geni menika sampun ageng. Menawi
penjenengan mbudidaya bade nyirep geni ingkeng sampun ageng mremen wonten
pundi-pundi tundhone malah penjenengan piyambak ingkeng bade cilaka. Menapa
malih kula yakin. Penjenengan temtu bade fokus perkawis skandal menika. Trus
lali kaliyan kula Kirang perhatianipun tumrap kula. Injih Ta ? Sami kemawon
tipis katresnan penjenengan tuprap kula.
07. INDRAYANA
Kosik ta ? Sliramu aja trus dhuwe panyakrabawa kaya
ngono kuwi Cah Ayu.
Karo meneh sliramu kudu bisa milah-milahake
Katresnan lan Kuwajiban.
Ngenani kuwajiban iki pancen kudu takrampungake. Yen
ngenani katresnan sliramu tak kira wis bisa mbuktekake. Menawa ora ana wanita keng
ngratoni atiku kejaba sliramu. Apa perlu aku mbukteke meneh Cah Ayu........
(Nembang romantis.
Dhatengipun Emban.)
08. EMBAN
Nyuwun pangapunten. Ngganggu Ndara. Penejenengan
dipun timbali ingkeng Rama.
09.DEWI RAYUNG WULAN
Kangmas,...?
mangga sesarengan sowan Rama..
10.INDRAYANA
Ora Rayung Wulan. Aku malah arep nyuwun pamit.
Aturna Rama lan Ibu.
Menawa aku pamit. Sungkemku wae katur ya.
(Rayung
Wulan lajeng kesah. Indrayana nyawang kesahipun Rayung Wulan.
IN:
Bebau Sandi mlampah mboten nggatosaken Indrayana.)
CUT TO :
ADEGAN : KA V. OMAH SUGIH
SWASANA :
GUMYAK
IRINGAN : GECUL
PROPERTI : TENGGOK – JANGANAN – PADI –
PIKULAN –BUKU
PARAGA : 1. GONYAK
2. GANYUK
3. JURAGAN BRONO LUWIH
4. PANEWU SENGKUNI
5. TIYANG
DHUSUN
KATRANGAN :
a. Gonyak-Ganyuk sami gegojegan sak-cukupe. Improf.
01.GONYAK
( Saksampunipun gojek )Nyuk. Iki piye kok ora cocok
karo cathetane.
02. GANYUK
Wegah nek le nggundhang mung Nyuk. Mengko dikira
munyuk.
03.GONYAK
Lakon nggundang sapa wong jenenge Ganyuk. Penake
kuwi rak ya disingkat ta. Nyuk. Apa kon nggundang Gan.... Ko malah dikira
juragan.
04. GANYUK
Ha ya dikompliti. Ganyuk. Senenge kok korupsi. Mung jeneng
wae kok dikorupsi.
05. GONYAK
Ya wis....Iki piye selip lo. Karo catetane iki. Karo
meneh iki piye ta leh mu nyathet ?
Kok malah tok gambar. ?
06.GANYUK
Wah,..kowe kuwi kuper tenan kok. Iki laporan tentang
dagangan bolah.
Bolah kae gambare rak ya ruwet ta. Ha iki gambar
bolah.
06. GONYAK
O,.. dadi nek laporan dagangan kuwi miturut
dagangane ta? Nek dangane Bolah laporane gambar ruwet ngene iki. Ha nek
dagangane uyah ya terus tok gambari laut...
07. GANYUK
Ha hiya. Laut kuwi rak asin. Sama dengan uyah. Nek
gula ya gambar semut. Ada gula pasti ada semut. Ya ora ? Wong kuwi kudu
kreatif...
(Dhatengipun juragan Brono Luwih)
08. JURAGAN BRONO LUWIH
Heh ! Kowe kuwi malah dha ngapa ta ? Takrungoke seka
njero kok udrek – udrekan.
09.GONYAK
Mangga Juragan. Menika nembe nyatheti dagangan
ingkeng medal....
10.JURAGAN BRONO LUWIH
Piyewis tokcedhaki wong-wong sing dha asok bulu
bekti ? Iki bisnis lo ?
11.GONYAK
( Mantep ) Sampun Juragan. Menika mangke bade sowan
mriki....
12. GANYUK
( Mantep ) Mboten namung tiyang ingkang badhe asok
bulu bekti. Nanging tiyang ingkang sami ngemplang Wulu Wektu mboten asok
glondhong pengarem-arem ugi kula cedhaki. Kula sarankan sowan penjenengan.
13. JURAGAN BRONO LUWIH
Bagus nek ngono. Merga aku wis kerja sama karo ndara
Penewu Sengkuni. Ning iki aja nganti bocor lo ya ? Merga yen nganti bocor kowe uga
bakal melu cilaka.
(Dhatengipuntiyang-tiyang dusun ingkeng bade asok
bulu bekti.)
14.
JURAGAN BRONO LUWIH
Kene..kene.. mlebua. selehke kene!!
Gonyak-Ganyuk
nyateti tiyang-tiyang dhusun ingkeng bade pasok bulu bekti.
Dhatengipun
Penewu Sengkuni kaliyan Bebau Sandi . Lajeng pun jak mlebet kaliyan Juragan Brono
Luwih.
15.
PANEWU SENGKUNI
(Menggos-menggos rada panik) Kula Nuwun..
16.
JURAGAN BRONO LUWIH
We...mangga-mangga.. pinarak lenggah ngriki wak.
Wonten napa kok sajake krenggosan ngaten niku?
17.
PANEWU SENGKUNI
Gawat!! Gawat iki Gan!!
18.
JURAGAN BRONO LUWIH
Napane sing gawat? Alon-alon ta, ingkang sareh.
19.
PANEWU SENGKUNI
Dangu-dangu perkawis menika saget terungkap.
Sabab....
20.
JURAGAN BRONO LUWIH
(Nyaut) Sebabipun menapa wak?
21.
PANEWU SENGKUNI
Bupati Kandha Maruta menika membentuk tim
investigasi ngenani perkawis menika. Awit kula damel ontran-ontran bilih
sudanipun asok wulu wetu menika amargi wonten salah satunggaling Kapanewon
ingkang mboten purun asok. Kula dhawahaken dakwa kula marang Kapanewon
Margamulya.
Lha cilakanipun ingkang dados ketua badan
investigasi menika Indrayana, calon mantu kula. Ora wurung perkawis menika rak
bakal terbongkar. Napa malih lagakipun Indrayana ingkang ndrawasi. Kaya-kaya
sampun curiga marang tumindakipun kula.
22.
JURAGAN BRONO LUWIH
Wadhuh...!! Bahaya iki. Njur piye iki wak.
23.
PANEWU SENGKUNI
Awake dhewe kudu nganggo siasat, nganggo strategi.
24.
JURAGAN BRONO LUWIH
Lajeng kersanipun jenengan dos pundi?
25.
PANEWU SENGKUNI
Mekaten Gan. Kedah wonten politik pencitraan.
26.
JURAGAN BRONO LUWIH
Walah, jenengan niku lho..kados DPR badhe nyalon
mawon..
27.
PANEWU SENGKUNI
Lho...niki kangge mengalihkan perhatian. Sedaya
tiyang dhusun dipunkempalaken wonten ngriki. Punajak seneng-seneng, tanggapke
penari. Supaya warga mboten curiga. Mesthinipun para warga mangke remen kalih
awake dhewe.
28.
JURAGAN BRONO LUWIH
Wah ya, heke. Gathuk kuwi. Nek umat kowe kok cerdas
wak? He he he
29.
PANEWU SENGKUNI
Ngono kuwi ya ngenyek.....Wis ayo ndang disiapke.
KOLABORASI
TARI
Tiyang
dhusun kempal wonten ing griyanipun Juragan Brono Luwih, sami mirsani beksan
lan dherek seneng-seneng
CUT TO :
ADEGAN : KA VI. PASAR
SWASANA : RAME
IRINGAN : ..................
PROPERTI : LAPAK DODOLAN
PARAGA : 1. BAKUL-BAKUL PASAR
2.
INDRAYANA (NYAMAR)
3. TELIK
SANDI KAPANEWON MARGAMULYA
4. GONYAK
5. GANYUK
KETERANGAN : Wong pasar padha ribut
ngrebug reregan kang saya mundhak. Ketekan Indrayana kang nyamar dadi wong
dhusun, ethok-ethok tuku janganan.
BAKUL-BAKUL
(improv. Ngomongke kahanan reregan lan pajeg negara)
(improv. Ngomongke kahanan reregan lan pajeg negara)
Ketekan Indrayana kang lagi nyamar
01.BAKUL
Mangga lho kang, jangane niki.. teronge, timune, kacang-kacange.. Ning nggih panci awis reginipun.
Mangga lho kang, jangane niki.. teronge, timune, kacang-kacange.. Ning nggih panci awis reginipun.
02.INDRAYANA
Lha kok saget larang Yu? mboten kados biasane.
Lha kok saget larang Yu? mboten kados biasane.
03.BAKUL
Lha mendhete mawon larang kok Kang. Anggone nyade nggih larang, nek murah nggih rugi kula mangke..
Lha mendhete mawon larang kok Kang. Anggone nyade nggih larang, nek murah nggih rugi kula mangke..
04.INDRAYANA
Mendhetipun saking pundi Yu?
Mendhetipun saking pundi Yu?
05.BAKUL
Jenengan niku lho, kok kaya ethok-ethok mboten pirsa ah. Lha pundi malih nek mboten mendhet saking Juragan Brono Luwih.
Jenengan niku lho, kok kaya ethok-ethok mboten pirsa ah. Lha pundi malih nek mboten mendhet saking Juragan Brono Luwih.
Tekane
kacung-kacung Juraga Brobo Luwih
06.
GONYAK
Heh...Nyuk...
Heh...Nyuk...
07.
GANYUK
Piya Nyak?
Piya Nyak?
08.GONYAK
Uasem tenan! Banyak apa piye??
Uasem tenan! Banyak apa piye??
09.GANYUK
Lha kowe ngundang ya Nyuk e. Ganti tak wales a cah..
Lha kowe ngundang ya Nyuk e. Ganti tak wales a cah..
10.
GONYAK
Awake dhewe ki beja ya?
Awake dhewe ki beja ya?
11.
GANYUK
Bejane???
Bejane???
12.
GONYAK
Lha kok ora ki piye.. Wong awake dhewe ki melu karo Juragan Brono Luwih. Nadyan kadhang kala disentak-sentak, ning rak sembarang dicukupi. Kopi, udut, mangane sega, lawuh daging terus..
Lha kok ora ki piye.. Wong awake dhewe ki melu karo Juragan Brono Luwih. Nadyan kadhang kala disentak-sentak, ning rak sembarang dicukupi. Kopi, udut, mangane sega, lawuh daging terus..
13.
GANYUK
Heke ya Nyak.. Gawene mung nyatheti wulu wetu saka wong dhusun sing gampang diapusi kae. Sembarang keturutan, paribasan weteng ora tau ngelih. Ha ha ha..
Heke ya Nyak.. Gawene mung nyatheti wulu wetu saka wong dhusun sing gampang diapusi kae. Sembarang keturutan, paribasan weteng ora tau ngelih. Ha ha ha..
14.
GONYAK
Heh!! Aja seru-seru ngomonge, krungu wong mengko.
Heh!! Aja seru-seru ngomonge, krungu wong mengko.
15.
GANYUK
Ning nyatane rak ngono ta Nyak. Jan-jane wong-wong kae rak mung diakali thok. Asil bumi kae dituku Juragan kanthi rega murah, banjur didol karo bakul-bakul pasar nganggo rega larang. Banjur reregan dadi mundhak kabeh. Dadi, gelem ora gelem, wong dhusun kae ya kudu ngedol asil bumi sakakeh-akehe. Supaya isa entuk dhuwit akeh..lan isa asok pajeg terus.

(cepet-nyaut) Kowe ki piye ta Nyuk? Malah saya tlunyar-tunylur anggonmu muni.. Kok nganti krungu wong kae, perkara iki isa kebongkar. Juragan Brono Luwih karo Panewu Sengkuni kae isa dikunjara, ora wurung ya awake dhewe melu kena ukuman!! Wis..wis.. ayo nutukke laku...

Gonyak-ganyuk
neruske lakune. Omongane kaprungu Indrayana lan Telik Sandi Kapanewon
Margamulya
CUT TO.....
ADEGAN : KA VII. KAPANEWON MARGAMULYA
SWASANA :
IRINGAN : ..................
PROPERTI :
PARAGA : 1. PANEWU MARGAMULYA
2. TELIK
SANDI
3.
TIYANG DHUSUN
KETERANGAN :
01.NYI
PANEWU MARGAMULYA
Ingkang sabar Pakne.. mbok menawi tahun menika panci
pacoban tumrap Kapanewon menika.
02. PANEWU MARGAMULYA
Ora Bune. Panewu Sengkuni wis kurang ajar.
Bisa-bisane nggawe ontran-ontran yen sabab sudane asok wulu wetu ing Kabupaten
Medhang Miring marga Kapanewon Margamulya ora gelem setor pajeg.
03. NYI PANEWU MARGAMULYA
Inggih.. Nanging kula aturi sabar sawetawis,
dipunpenggalih rumiyin. Penjenengan menika panutan wonten ing Kapanewon
Margamulya menika. Sampun ngantos pangandikan ingkang medal saking lesan
penjenengan malah sansaya ndadosaken muntaping swasana.
04. PANEWU
MARGAMULYA
Yen perkara iku, aku ki ya ngerti Bune. Nek perkara
randate asok, kuwi pancen dak akoni. Jalaran asil bumi iki panene ora pati
akeh, tur reregan ya mundhak kaya ngono. Nanging yen Kapanewon Margamulya
didakwa mbalela ora gelem asok pajeg, pancen aku ora trima. Merga ora kabukti
kaya apa sing didakwa.
05. NYI PANEWU
MARGAMULYA
Inggih, Njur kersanipun penjenengan kados pundi?
06. PANEWU MARGAMULYA
(Bingung) Ya......ya....... piye ya Bune? Kuwi sing
lagi tak angen-angen. Kepriye carane kanggo ngatasi perkara iki. Kamangka Njeng
Bupati Kandha Maruta ora patia percaya karo pelaporanku, merga Kapanewon
Margamulya kene kaetung sing kerep telat setor pajeg.
dhatengipun
Telik Sandi Kapanewon Margamulya...
07.
TELIK SANDI
Kula nuwun...
08. PANEWU MARGAMULYA
Mangga-mangga... mlebet ngriki.. sajake tekamu kok
ngemenna, ana wigati apa?
09.
TELIK SANDI
Nuwun sewu Panewu. Kepareng matur..
10. PANEWU MARGAMULYA
Hiya..hiya.. matura kang..
11.
TELIK SANDI
Nyuwun duka menawi tumindak kula keladuk. Wiwit
sewulan kepengker menika, mboten kautus, meneng-meneng kula dados telik sandi.
Nlusap-nlusup ing Kapanewon sanes, saperlu pados informasi ngegingi sudanipun
asok wulu wetu ing Kabupaten Medhang Miring menika Panewu.
12. PANEWU MARGAMULYA
Hiya.. ora apa-apa kang. Malah atiku bombong, krasa
mongkok. Merga wargaku bisa nduwene pangrasa lan laku kang kaya mengkono.
Banjur kepriye asile?
13.
TELIK SANDI
Inggih Panewu.. Mekaten. Rikala kula nlusup awor
tiyang dol-tinuku wonten ing peken. Kedadak wonten wiranem kalih ingkang
mlampah liwat satengahing peken nyambi gojegan, crita anggenipun mocok ndherek
Juragan Brono Luwih. Piyambakipun sakloron nyariosaken perkawis sudanipun
pajeg. Ingkang sejatosipun hamung akal-akalanipun Panewu sengkuni ingkang
skongkol kaliyan Juragan Brono Luwih. Kula kinten wiranem kalih wau keprucut
anggenipun ngomong. Sabab sareng ngertos nek kula tingali, piyambakipun
sakloron langsung cepet-cepet budhal.
13. PANEWU
MARGAMULYA
Hemmm.. rak hiya ta Bu. Bener kaya apa sing
penggalih piang-pirang dina iki. Sengkuni ki pancen wong culika!!!
14. NYI PANEWU MARGAMULYA
Nggih.. nadyanta kados mekaten, nanging Bapak sampun
ngantos tumindak ingkang mboten-mboten rumiyin. Kedah dipunregbag rumiyin.
Lapor kaliyan Njeng Bupati.
15. PANEWU MARGAMULYA
Ora bisa Bu. Iki kudu dirampungke sacepete!!!
Mundhak kurang ajar. Sapenake dhewe nggawe pitnah, ndakwa marang Kapanewon
Margamulya. Krasa kalorot kawibawanku!!!
(dhateng TELIK SANDI) Yen ngono kang, tulung siapke
warga kakung sing keker-keker, sing rosa!! Sesok esok nglurug neng Kapanewon
sisih. Ngrangket Panewu Sengkuni karo Juragan Brono Luwih banjur disowanke
marang Njeng Bupati Medhang Miring.
16.
TELIK SANDI
Inggih.. siap!!!
CUT TO........
ADEGAN : KA VIII. KAPANEWON SENGKUNI
SWASANA :
IRINGAN : ..................
PROPERTI :
PARAGA : 1. PANEWU SENGKUNI
2. NYI PANEWU
3. DEWI RAYUNG WULAN
4. INDRAYANA
5. JURAGAN BRONO LUWIH
6. PANEWU MARGAMULYA
7. TELIK SANDI PANEWU MARGAMULYA
8. WARGA MARGAMULYA
2. NYI PANEWU
3. DEWI RAYUNG WULAN
4. INDRAYANA
5. JURAGAN BRONO LUWIH
6. PANEWU MARGAMULYA
7. TELIK SANDI PANEWU MARGAMULYA
8. WARGA MARGAMULYA
KETERANGAN
: Resepsi dhaupipun Dewi Rayung Wulan lan Indrayana. Ndadak Kapanewon
Margamulya nggrudug Panewu Sengkuni lan Juragan Brono Luwih ana tengahing
pahargyan.
KOLABORASI
TARI
Dhatengipun
rombongan saking Kapanewon Margamulya
Whoi..!!!!whoi..!!!!!!.woi..!!!! (surak-surak
gumuruh rombongan kapanewon Margamulya)
01.PANEWU
SENGKUNI
Wehh..Mangga-mangga.. walah, mongkok ati kula.
Jenengan rawuh kok rame-rame kaliyan warganipun. pinarak mlebet mriki. (dhateng
Nyi Panewu, Juragan Brono lan kulawarga) Panewu Margamulya rawuh.... ndang
dicaoske dhaharan lan unjukan..
02. PANEWU MARGAMULYA
(mantep) Ora perlu repot-repot... Tur tekaku ana
kene ora merga nekani gawemu.
03.
PANEWU SENGKUNI
Lho..lho..lho.. Wonten napa ta niki? Kok sajak rada
seru pengendikanipun penjenengan niku lho.. alon-alon, dipunrembag kanthi..
wonten napa?
04. PANEWU
MARGAMULYA
Wis!! Ora susah mbulet, ethok-ethok ora ngerti ngono
kuwi. Saiki uga bakal tak dhudhah sandiwaramu, Sengkuni!! Uga kowe Brono
Luwih!!!
05.
JURAGAN BRONO LUWIH
(Rada gugup- keweden) Ma..ma..mangke rumiyin ta.
Jan-jane niku wonten napa kok ndadak rame-rame ngaten niki.
06.
PANEWU SENGKUNI
Sedulurku Panewu Margamulya.. dos pundi ta. Kula kok
malah mboten ngertos kersanipun penjenngan. Sabar.. ngendikan alon-alon..
(nyambi ngrangkul pundhake P.Margamulya, nanging
disemplag karo P.Margamulya)
07. PANEWU MARGAMULYA
Ora
susah ndemek-ndemek pundhak!!! Becik kowe padha ngaku, sadurunge dikroyok wong
semene akehe!!..
08. JURAGAN BRONO LUWIH
Kok
malah ken ngaku niku dos pundi ta...?
09. PANEWU SENGKUNI
Jenengan
niki lho, wayah rame-rame pahargyan anak kula kok malah ndamel sandiwara sing
mboten-mboten. Kersane surprize ngaten nggih?? He he he...
10. PANEWU MARGAMULYA
Anggepmu
aku iki guyon apa piye???!! Wis, ora susah kesuen!!
Aku wis ngerti kabeh. Sapa dhalange sing ndadekke swasana ora karu-karuan kaya ngene. Asil bumi dituku Juragan Brono Luwih kanthi rega murah banjur didol marang akul-bakul kanthi rega larang. Asok wulu wetu tiyang dhusun marang Negara disuda dening Panewu Sengkuni. Saengga asok wulu wetu kang ana ing Kabupaten medhang Miring saya tahun saya mudhun. Banjur nggawe ontran-ontran yen sabab mudhune pajeg merga Kapanewon Margamulya sing ora gelem setor pajeg.

ngira jebul Panewu Sengkuni kuwi Sindikat Mafia Pajeg ing Medhang Miring. Becik
dak sowanake Njeng Bupati saiki uga..
(dhateng
rombongan) Rangketen Panewu Sengkuni lan Juragan Brono Luwih!!!! Rangketen!!!
Panewu
Sengkuni lan Juragan Brono Luwih dirangket, disowanake marang Bupati Kandha
Maruta
CUT TO....
ADEGAN : KA IX. KADHIPATEN MEDHANG
MIRING
SWASANA :
IRINGAN : ..................
PROPERTI :
PARAGA : 1. PANEWU SENGKUNI
2. INDRAYANA
3. JURAGAN BRONO LUWIH
4. PANEWU MARGAMULYA
5. TELIK SANDI PANEWU MARGAMULYA
6. TIYANG DHUSUN MARGAMULYA LAN SENGKUNI
2. INDRAYANA
3. JURAGAN BRONO LUWIH
4. PANEWU MARGAMULYA
5. TELIK SANDI PANEWU MARGAMULYA
6. TIYANG DHUSUN MARGAMULYA LAN SENGKUNI
KETERANGAN
: Bupati Kandha Maruta maringi pengadilan arupi ndhawahaken ukuman tumrap
Panewu Sengkuni lan Juragan Brono Luwih.
01.PANEWU MARGAMULYA
Nuwun sewu Gusti. Kepareng kula matur minangka sulihipun para warga ing Medhang Miring. Bilih sampun kasil anggenipun miyak wewadi ing kabupaten Medhang Miring menika. Menika wau kula sakwadya para kawula ningkes sekongkolanipun Panewu Sengkuni dlasan Juragan Brono Luwih. Samangke, pradilan kula aturaken dhateng Njeng Bupati.

02.PATIH MEGA MENDHUNG
Sekedhap ta Panewu Margamulya. Dhodhok seleh perkarane kuwi kepriye? Sira kok bisa nibakake pandakwa marang panewu Sengkuni. Apa maneh sira kumawani menehi pradilan nglarak Panewu sengkuni dalasan Juragan Brono Luwih ing satengahing kutha. Yen ngono kena diarani, sira ndhisiki kersaning Njeng Bupati.

03.BUPATI KANDHA MARUTA
Pancen bener aturmu Patih Mega Mendhung. Mengko dhisik, sing sareh.. Aja kesusu ngluputake benering liyan, lan aja sumengka andhaku benering dhewe.
Pancen bener aturmu Patih Mega Mendhung. Mengko dhisik, sing sareh.. Aja kesusu ngluputake benering liyan, lan aja sumengka andhaku benering dhewe.
04.PANEWU SENGKUNI
Paduka leres Gusti. Menika namung akal-akalanipun Panewu Margamulya dalah sawadya balanipun, awit panjenenganipun iri, mboten saget asok wulu wetu langkung kathah tinimbang sengkuni. Estunipun nggih margamulya menika ingkang sampun tumindak culika ngeruk bandhaning negari. Mila mboten mokal lamun asiling wulu wetu tansah suda. Lha nggih pripun, wong pajege rakyat dipangan dhewe. Nggih ngaten niku.. cirinipun tiyang ingkang mblendhukaken wetengipun piyambak. Napa malih jenengan sampun dakwa ingkang mboten prayoga. Emut lho... fitnah itu lebih kejam dari pada pembunuhan..

05. PANEWU MARGAMULYA
cukup!! Cukup sengkuni!.. Yen ta ana menungsa kang tumindake kaya sato iku ora liya ya hamung awakmu. Ora mokal yen ta banjur oleh peparap “Sengkuni”.
cukup!! Cukup sengkuni!.. Yen ta ana menungsa kang tumindake kaya sato iku ora liya ya hamung awakmu. Ora mokal yen ta banjur oleh peparap “Sengkuni”.
06. BUPATI KANDHA MARUTA
Wis..wis... Kabeh aja padha rebut bebener. Panewu Margamulya, apa buktinira lamun dakwa Sengkuni lan Brono Luwih sing wus tumindak culika? Jejering Panewu sira kudune ngerti lamun matur ing sajroning pasewakan iku kepriye..

Lepat dalem sewu, nyuwun pangapunten Gusti.. Anggenipun kula sawadya kawula alit nibani pandakwan marang Sengkuni lan Brono Luwih iku ora liya awit asiling tim investigasi ingkang sampun sesingidan kangge madosi durjana ing Medhang Miring. Malah kaleresan ingkang mandhegani tim investigasi mboten sanes inggih nak Indrayana kang mboten sanes putra mantunipun panewu Sengkuni piyambak. Rak nggih ngaten ta nak mas Indrayana?

Kabeh padha meneng, pendhelengan ora ana sing padha
ngaku..
08. BUPATI KANDHA MARUTA
Apa bener ature Panewu Margamulya? Mara sira age matura amrih enggal padhang dahuru ing Medhang Miring iki.
Apa bener ature Panewu Margamulya? Mara sira age matura amrih enggal padhang dahuru ing Medhang Miring iki.
09. INDRAYANA
(BINGUNG..MENENG WAE)
(BINGUNG..MENENG WAE)
10. PANEWU SENGKUNI
Lha..rak tenan ta ndara Gusti.. kabukten yen ta mboten saget nuduhaken buktinipun. Yen ngaten mangke kula saget mbalik nuntut dhateng KPK. lan mesthine aku njaluk reputasiku (nama baik) dibalekake meneh.

11.BUPATI KANDHA MARUTA
Cukup sengkuni.. sira aja seneng gawe butheging banyu ing sajroning kolam. (mirsani warga) sepisan meneh takbaleni, sapa sing bisa menehi wangsulan, merga sira kabeh wus wani ngarak sawijining nayaka praja ing Kabupaten Medhang Miring.

12. DEWI RAYUNG WULAN
Nuwun sewu, kepareng matur Gusti..
Nuwun sewu, kepareng matur Gusti..
13. BUPATI KANDHA MARUTA
Dewi Rayung Wulan, hiya matura ndhuk..
Dewi Rayung Wulan, hiya matura ndhuk..
14. DEWI RAYUNG WULAN
Sarehne mboten wonten ingkang mangsuli. Kula ingkang badhe atur wangsulan.
Sarehne mboten wonten ingkang mangsuli. Kula ingkang badhe atur wangsulan.
15. BUPATI KANDHA MARUTA
Hiya ndhuk.. mara age wangsulana sing pratitis.
Hiya ndhuk.. mara age wangsulana sing pratitis.
16. DEWI RAYUNG WULAN
Mundhut pangandikanipun tiyang sepuh, “becik ketitik ala ketara”. Mboten wurung perkawis menika bakal kadungkap. (meneng sedhela..)
Mundhut pangandikanipun tiyang sepuh, “becik ketitik ala ketara”. Mboten wurung perkawis menika bakal kadungkap. (meneng sedhela..)
17. BUPATI KANDHA MARUTA
Kepriye Rayung Wulan? Age bacutke..
Kepriye Rayung Wulan? Age bacutke..
18. DEWI RAYUNG WULAN
Kula asring ningali njeng rama rerasan kaliyan Juragan Brono Luwih. Pungkasan tigang dinten kapengker, rama Sengkuni kagungan karep tumindak culika. Menawi mboten pitados, para telik sandi menika seksinipun. Kekaronipun sami mrangguli rama dalasan juragan Brono ingkang nembe ndamel siasat.

19. PANEWU SENGKUNI
Rayung...!! Aja mbok terusake anggonmu banyolan ing pasewakan iki!
Rayung...!! Aja mbok terusake anggonmu banyolan ing pasewakan iki!
20. DEWI RAYUNG WULAN
Mboten rama, manika kedah dipun leresaken. Nadyan rama menika tiyang sepuh kula piyambak. Nanging lamun tumindak kang nora becik, menika kedah dipunlurusaken.
Mboten rama, manika kedah dipun leresaken. Nadyan rama menika tiyang sepuh kula piyambak. Nanging lamun tumindak kang nora becik, menika kedah dipunlurusaken.
21. PANEWU SENGKUNI
Cukup Rayung!! Bapakmu tumindak kaya ngene iki ora liya hiya mung kanggo uripe mbokmu lan uripmu!!
Cukup Rayung!! Bapakmu tumindak kaya ngene iki ora liya hiya mung kanggo uripe mbokmu lan uripmu!!
22. BUPATI KANDHA MARUTA
Sengkuni!! Yen ngono pancen bener sira kang wus tumindak culika. Wongkang wus gawe ontran-ontran jebul sira dhewe kang dadi pelakune.
Sengkuni!! Yen ngono pancen bener sira kang wus tumindak culika. Wongkang wus gawe ontran-ontran jebul sira dhewe kang dadi pelakune.
23. PANEWU SENGKUNI
Eh mboten leh Gusti.. menika wau rak pirembaganipun urusan kulawarga. Estu sanes kula ingkang sampun tumindak korupsi. Wong awak kula inggih tasih kados longlit ngaten kok, mboten lemu-lemu. Mangka jarene ketua KPK kae, pawongan kang wus tumindak korupsi iku biasane banjur lemu awake. Kaya ta Gayus, LHI lan liya-liyane.

24. BUPATI KANDHA MARUTA
Cukup sengkuni. Sira wis ora usah kakean muwus. Ing dina iki uga, sira bakal ingsun paringi ganjaran minangka gantine bandha negara kang wus kok slewengake!!! Kakabehing bandha donyaning Segkuni bakal ingsun mlaratake, kanthi cara dak lelang!! Kejaba kuwi, kalungguhane minagka Panewu uga dipocot. Sira uga nglakoni paukuman minangka tawanan negara. Lan ingsun bakal maringi ganjaran marang Indrayana, kandhi ngundhakaken pangkate satingkat.
Wus, ora usah nganggo suwe. Patih Mega Mendhung, enggal tibakna paukuman dhateng wong sakloron iki.

25. PATIH MEGA MENDHUNG
Sendhika Gusti...
Sendhika Gusti...
Sengkuni lan Brono Luwih diarag menyang pakunjaran.
Kluwargane padha nangis. Para warga padha sorak-sorak......
Tidak ada komentar:
Posting Komentar