Minggu, 10 Januari 2016

GURIT "Bebasan"



Bebasan

Dadi wong kuwi aja adigang, adigung, adiguna
Mundak aji gadhong garing
Nanging  dadia wong kang miguna
Dadi wong kuwi aja arep jamure emo watange
Mundak rekasa mburine
Nanging dadia wong kang arep sakabehe
Dadi wong kuwi aja kaya asu gedhe menang kerahe
Ora apik ing donya akhirate
Mundak kaya baladewa ilang gapite
Dadi wong kuwi aja kaya belo melu seton
Mundak keblinger

Tidak ada komentar:

Posting Komentar