ADEGAN : KA I. INTRODUCING
SWASANA :
IRINGAN :
PROPERTI :
KURSI RAJA (1), KURSI BAKSO (2)
PARAGA : 1. KANJENG PANEMBAHAN
2. KI JURU MERTANI
3. SEKAR PEMBAYUN
KATRANGAN :
Kanjeng Panembahan tansah rengu ing penggalih. Awit salah setunggaling
kukuban Metaram wonten ingkang balela. Nenggih wewengkoning Mangir Wanabaya.
Banjur putrinipun, Sekar Pembayun, dados srana nungkulaken Mangir Wanabaya.
K.PANEMBAHAN
Pembayun..!
SEKAR PEMBAYUN
Kula Penembahan...
K.PANEMBAHAN
Kowe daktimbali marak, merga arep dakparingi dhawuh.
Wanabaya kuwi balela, ngukuhi bumi mangir anggone dadi
bumi perdikan. kowe kudu ngerti yen ngene iki dadi kilip mungguhing Metaram.
SEKAR PEMBAYUN
Lajeng kados pundi Penembahan?
K.PANEMBAHAN
Aku borong kowe. Waton Mangir nungkul kanthi aris, Pembayun.
SEKAR PEMBAYUN
Hadhuh....Kok dumugi penggalih Dalem, utusan kula ngangge
cara mekaten.
Nyuwun sih pangapunten Dalem. Awrat sanget anggen kula
badhe nglampahi jejibahan
Menika. Kula putra Dalem piyambak, Kula putra Dalem
piyambak Penembahan...!!!
K.PANEMBAHAN
Merga kowe putraku dhewe Pembayun. Mula......
SEKAR PEMBAYUN
Lepat nyuwun sih pangapunten Rama.
Menapa Metaram sampun boten wonten satriya, menapa
Metaram sampun kecalan jago?
Ingatase wanita kok dipunutus nungkulaken mengsah.
K.PANEMBAHAN
Pembayun!!! Keladuk, aturmu!!!
KI JURU MERTANI
Sampun Panembahan..
Wayahku Pembayun, mangertia yen ta nungkulaken mengsah
menika caranipun maneka
warni. Wonten ingkang ngangge cara perang lan wonten
ingkang ngangge cara kados
mekaten. Badhe dipunserat ngangge mangsi emas
bebasanipun, naminipun peprangan
menika bakal awon wusananipun, kathah wutahing ludira,
wayahku..
K.PANEMBAHAN
Rontang-rantinging pengalihku, Pembayun. namung
sagedhakan iki darma baktimu
dakpundhut.
SEKAR PEMBAYUN
Menapa Sampeyan Dalem boten mengalih, menawi sumyuring
ajining dhiri kula badhe
ngembet luhuring asma Dalem.. Awrat..awrat sanget Panembahan. Aluwung kula
kapejahana, tinimbang wirang nggubet awak kula.
KI JURU MERTANI
Wayahku, boten maiben yen
penjenengan awrat ngemban dhawuh rama dalem
menika. Wanita ingkang netepi jejer menggahing
wanitanipun mesthi badhe ndhepani
kaurmatanipun.
SEKAR PEMBAYUN
Kados pundi Eyang Juru Mertani? Kados pundi kula badhe mentala
kemawon menawi
mustikaning wanita kula badhe dipunmangsa dening mangir
wanabaya..? Kados Pundi
eyang?
KI JURU MERTANI
Panjenengan mukti awit saking nampi tempilan kamuktening
rama Dalem. Lha
samenika luhuring asma rama dalem badhe kusut,
kawibawanipun rama dalem badhe suda,
minggahipun malih, kuncaraning negari dalem badhe risak.
Mekaten wau awit pokalipun
Mangir Wanabaya, wayahku. Menapa panjenengan boten badhe
kesempyok, menapa
panjenengan badhe mentala?
SEKAR PEMBAYUN
Lajeng kula kedah kados pundi eyang juru?
KI JURU MERTANI
Prayoginipun dhawuh rama dalem menika dipunsendikani,
wayahku.
SEKAR PEMBAYUN
Panembahan..menawi pancen timbalaning kaluhuran, saha
kuncaraning asma, menapa dene
negari Dalem, kedah sinorohan ajining dhiri kula, inggih..ingih..
Kula sendikani dhawuh
Dalem, Panembahan..
K.PANEMBAHAN
Kowe saguh Pembayun?
SEKAR PEMBAYUN
Sagah rama....
K PENEMBAHAN
Wah, ayu tenan kowe Pembayun. Yen ngono aja kesuwen.
Tatanen karo abdimu, enggal budhala.. Pembayun..
SEKAR PEMBAYUN
Tambahing pangestu penembahan.
Donga pamuji Ki Juru Mertani mugi tansah jampangi lampah
kula..
KI JURU MERTANI
Inggih, mugi tanpa sikara Kanjeng Ratu.
ADEGAN : II
SWASANA : GAYENG
IRINGAN : SIGRAK
PROPERTI :
KURSI BAKSO (3)
PARAGA : 1. KI AGENG MANGIR
WANABAYA
2. KI DEMANG
3. WARGA
4. ROMBONGAN LEDHEK PEMBAYUN
KATRANGAN :
Ki Mangir sareng demang lan para warga saweg mirsari ledhek. Nenggih
rombongan ledhek Sekar Pembayun utusan Kanjeng Panembahan.
(tekane
rombongan ledhek) Kolaborasi Tari Ledhek
Dialog
para warga improv “Sing penting swasana urip lan gayeng”
Ki Ageng mangir ngantos boten
kedhep anggenipun mirsani Pembayun mbeksan. Ngantos kraos semseming penggalih.
Saya dangu sansaya kapilut, awit saking ayunipun Pembayun. Sareng sampun purna,
para warga wangsul, lajeng Ki Mangir nyaketi Pembayun.
Sampure
Pembayun tiba, banjur dipundhut Ki Mangir. Kedadak Pembayun uga melu jupuk
sampure. Sanalika pepandengan catur netra antarane Ki Mangir lan Pembayun. (ilustrasi tembang)
KI
AGENG MANGIR
Jenengmu sapa cah ayu?
SEKAR
PEMBAYUN
Nami kula... sinten nggih..
KI
AGENG MANGIR
Lho..ditakoni kok malah bali
nakoni, piye ta?
SEKAR
PEMBAYUN
Nami kula Sekar, Ki Ageng.
KI
AGENG MANGIR
Kowe pancen pinter lelewa cah
ayu. Wiwit sepisanan weruh, sejatine atiku wis geter.
SEKAR
PEMBAYUN
Heleh, Ndak injih ta Ki Ageng?
Mosok ah?
KI
AGENG MANGIR
Apa pasuryanku iki ketok ngapusi
ta?
SEKAR
PEMBAYUN
Lha yen kula ki Ageng,
KI
AGENG MANGIR
Piye wong ayu?
SEKAR
PEMBAYUN
manah kula kraos mak nyeeess.. nalika
kula nampi panyawang penjenangan..
KI
AGENG MANGIR
Apa aku karo kowe iki wis
pinesthi dadi jodho ya?
SEKAR
PEMBAYUN
Sajakipun..... nggih Ki Ageng..
KI
AGENG MANGIR
Yen ngono, apa kowe nampi dakpundhut
garwa cah ayu....
SEKAR
PEMBAYUN
Ki Ageng.. (banjur mlebu)
KI
AGENG MANGIR
Sekar... (nututi Pembayun)
Bersambung..........................
Tidak ada komentar:
Posting Komentar