ADEGAN
I
PAPAN
: PIDALEMAN AGUNG
PARAGA :
PANGERAN DARPA
PANGERAN KAYUN RATU SEPUH DEMANG LOSARI PATIH PATIH TOYAMERTA
WANCI : DALU
SUWASANA :
HENING / TEGANG
|
ISI ADEGAN
Pangeran Darpa badhe mblengket Praja Tumapel,
namung Pangeran Kayun (kadangipun) mboten kepareng, lajeng dados daredah.
Antawecana
:
1. DEMANG LOSARI
Kanjeng Pangeran,.... kula Ingkang Sowan,
2. PENGERAN DARPA
(noleh)
Losari, . . sak wise aku lenggah ing dhampar maesa ndanu praja Singosari, lan
kadangku dhimas Kayun nampa praja Tumapel, mungguh saka panemumu, piye ?
3. DEMANG LOSARI
Menggah
kula, menawi taksih kapitados, sampun pas, menawi nandalem nampi kanugrahan menika.
Jalaran miturut sarasilah pararaton, namung putra ingkang wredha, ingkang kagungan hak.
Namun emanipun, bab Tumapel kula ingkang
kirang mathuk.
4.
PENGERAN
DARPA
Dhasare???
5.
DEMANG
LOSARI
Pangeran
Kayun menika taksih mudha tumaruna, lan kirang wasis ing babagan kaprajan, lho
. . .kok badhe nyepeng negari, menapa mboten badhe kocar-kacir mangke? cobi ta
penjenengan penggalih..
6.
PENGERAN
DARPA
(mikir,
ngangen-angen) Losari.., kaya bener atur mu .
7.
DEMANG LOSARI
Lha
inggih . . .
8.
PANGERAN
DARPA
Nanging..,
kabeh mau wis mujudake wohing parepatan kang disekseni kabeh para kawula.
9.
DEMANG
LOSARI
Menika
leres pangeran, namung nandalem menika kadang sepuhipun, gantine wong tuwa, menapa
badhe tega lan mentala mriksani kadang ingkang kecalan kawibawanipun , mangga.
. . mangga dipun penggalih.
10. PENGERAN DARPA
Yen
ngono, sowana ing ndalem kapengeranan, matura marang dhimas pangeran Kayun, yen
tak timbali.
11. DEMANG LOSARI
Sendika
dhawuh kanjeng. . .
12. PENGERAN KAYUN
(mlebet)
. . . kangmas . . .
13. PENGERAN DARPA
Dhimas,
kene. . . kene . . . lenggaha.
14. PENGERAN KAYUN
Inggih
kangmas,
15. PENGERAN DARPA
Iki
ngene dhimas, ana bab kang wigati kang
perlu tak rembug klawan sliramu.
16. PENGERAN KAYUN
Babagan
menapa kangmas?
17. PENGERAN DARPA
Tumapel,
. . .
18. PENGERAN KAYUN
Tumapel???
19. PENGERAN DARPA
Bener.
. . merga ngene dhimas, saka pamawasku sliramu kuwi isih mudha, durung wasis
ing babagan kaprajan. Mula, aku nduwe panemu yen sliramu sawetara iki mempengen
nggomu sinau olah kaprajan. Dene tumapel ben dadi siji dhisik klawan Singosari,
awit . . .
20. PENGERAN DARPA
(munggel-cepet)
Mangke rumiyin kangmas. . . kula matur
sewu nembah nuwun dhateng penjenengan, dene sematen agengipun anggen
penjenengan migatosaken dhateng kula. Namung menawi prekawis bumi Tumapel,
nuwun sewu kangmas, mboten kok kula mboten pitados dhateng penjenengan. Nanging,
rehning Tumapel menika sampun sah dados hak kula, mila . . . kanthi sabiyantunipun
sesepuh – sesepuh Tumapel, kula badhe sinau tataning kaprajan, ngiras pantes
mengkoni praja Tumapel.
21. PENGERAN DARPA
Dhimas,
jebul kowe durung tanggap karepku ta? aku iki ora arep ngukuhi hakmu dhimas,
ning rehning aku kuwi ngepenginake Singosari lan Tumapel tetep wutuh kaya
nalika den asta rama Prabu , mula . . .
22. PENGERAN KAYUN
(munggel-cepet)
Nuwun sewu kangmas, kula ngertos menapa ingkang penjenengan kersakaken , namung.
. .
23. PENGERAN DARPA
(munggel-cepet)
Kayun?? kowe iki adhiku, lan aku gantine wong tuwamu, wis sakmesthine yen aku
nduweni wajib nata marang kowe. Merga yen ora, teges aku ora ngestokke sabdane
rama Prabu.
24. PENGERAN KAYUN
Menawi
penjenengan ngestokaken dhawuhipun rama Prabu, kenging menapa taksih ngusik
prekawis bumi Tumapel, ing mangka . . . .
25. PENGERAN DARPA
(munggel-cepet)
Cukup!!! wis ora ana gunane aku rembugan klawan kowe, mula, wiwit dina iki,
Tumapel tang blengket dadi siji klawan Singosari.
26. PENGERAN KAYUN
Hmm..
nggih... kangmas, menika kersa penjenengan, nanging menawi kula kukuhi,
penjenengan badhe napa. . . ? ?
27. PENGERAN DARPA
Badhe
napa..?? keparat!!! . . . (ngunus
pusaka)
(Pangeran Kayun lolos nilaraken Pendhapi
) .
28. DEMANG LOSARI
(
majeng ) sampun... kersanipun minggat, Pengeran. bocah ra nggugu ngendikane
wong tuwa, . . .
(Kedadak mlebetipun Ratu Sepuh)
29. RATU SEPUH
(
mlebet ) Losari . . . ngomong apa kowe??
30. DEMANG LOSARI
(ajrih
) . .. . anu . . . namung . . . pangeran
. . .
31. RATU SEPUH
Darpa,
. . . ana apa?
32. PENGERAN DARPA
(
gugup ) mbot. . . mboten . . . wonten menapa-menapa
ibu . .
33. RATU SEPUH
Ora
susah mbok tutup-tutupi, neng ngendi adhimu Kayun?
34. PENGERAN DARPA
Piyambakipun
lolos, badhe nilaraken Singosari.
35. RATU SEPUH
Dhasare?
dhasare apa Darpa . . ayo jawab?
36. PENGERAN DARPA
(
sareh ) . . . ibu, mangga ta kula aturi
sumeleh ing galih, kula namung .. .
37. RATU SEPUH
(munggel-cepet)
Ngerti.... aku ngerti, apa sing mbok karepake. Nanging caramu kuwi nistha
ngger.., ora wicaksana. Adhimu ben sinau
mikir, ben dewasa, aja mbok watesi. . .
38. PENGERAN DARPA
Mboten!
kula mboten matesi, kula menika namung badhe mernahaken supados piyambakipun menika
mboten kecalan kawibawan ing mangkenipun.
39. RATU SEPUH
Ning
nek caramu kuwi kaya ngono, kuwi ora ateges kowe ngeman kadangmu , nanging arep
nguwasani Tumapel, mesthi wae adhimu ora rila.
40. PENGERAN DARPA
Hm,
. . . ibu, sak sampunipun kula ngraosaken ngendika penjenengan kala wau, kok
ketingal sanget bilih ibu menika milahaken ing antawisipun kula kaliyan dhimas
Kayun.
41. RATU SEPUH
Kuwi
kliru, . . .ora ana wong tuwa ngepinginake putrane pada regejegan, apa meneh
mung perkara warisan. Mula tekaku iki mung bakal nyethakake lamun aku iki
ibumu, ibune bocah loro kang bakal paring pitutur klawan kowe ngger, merga kowe
lagi lali. Dadi wis ora perlu kowe cawe-cawe bab Tumapel, pikiren prajamu
dhewe, aja ngumbar kamurkanmu.
42. PENGERAN DARPA
Ibu..!!
43. RATU SEPUH
Yen
kowe tetep mbacut, aku kang bakal mepalangi. . .
44. PENGERAN DARPA
Ibu.
. . .sak menika ngaten kemawon, sedaya namung gumantung penjenengan, menawi ngayogyani
kula mblengket Tumapel dados setunggal kaliyan Singosari , . . ibu taksih saget
ndherek mukti ing ngriki, nanging, menawi
penjenengan tetep mbalui Kayun anggenipun ngukuhi Tumapel. . . mangga .
. . kayun dereng tebih, korining gapura
kraton dereng kula tutup. . .
45. RATU SEPUH
Bagus,
. . Bagus ngger..! ! tanpa kowe nundhung aku, aku bakal sumusul putraku kayun,
merga mung dheweke minangka pangayomanku ing tembe. Mung wae. . pandongaku, muga-muga rahayu nggonmu nyekel
praja Singosari. . . Wis . . kariya basuki. ( Ratu Sepuh Lolos ).
46. PENGERAN DARPA
(kaget)
..Ibu,...!!!
47. DEMANG LOSARI
(mlebet)
Pengeran,..sampun ta mboten sisah nggelani kedadosan ingkang sampun kelampah...
48. PENGERAN DARPA
Losari,
trataban rasaning atiku, sakwise aku krungu sabdane ibu kang pungkasan mau.
49. DEMANG LOSARI
Menawi
sabdanipun ingkang Ibu menika penjenengan anggep supata, alaaaah....., mboten
mandi,..niku kuna, kula pancen ngertos ingkang Ibu sumusul pengeran Kayun, lha
ngaten menika rak ateges wong tuwa sing ora adil, mban cindhe mban siladan.
Sampun, kersanipun kesah.. malah mboten ngebot-boti penjenengan.
50. PENGERAN DARPA
Pancen
bener aturmu Losari, sak lolose Kayun lan Ibu saka praja Singasari wis ora ana
kang ngribeti penggalihku.
51. DEMANG LOSARI
Mangke
rumiyin,...penjenengan mboten priksa,...nanging kula ingkang ngertos, taksih
wonten tunggak kemadhu ingkang thukul ing praja Singasari menika.
52. PENGERAN DARPA
sapa...??
53. DEMANG LOSARI
Taruna...
54. PENGERAN DARPA
Taruna....??
55. DEMANG LOSARI
Inggih,
piyambakipun menika taksih kadang penjenengan, putranipun keng rama ingkang
lair saking garwa peteng, lajeng katitipaken dhateng kepatihan ngantos sak menika
dewasa.
56. PENGERAN DARPA
Banjur
saka karepmu?
57. DEMANG LOSARI
Kedah
dipunsingkiraken,...awit menawi mboten mbebayani tumrap palenggahan ndalem ing
Singosari ngriki.
58. PENGERAN DARPA
Yen
ngono, timbalana Patih PATIH TOYAMERTA.
59. DEMANG LOSARI
Ngestokaken
dhawuh... (nyembah mundur).
60. PATIH PATIH TOYAMERTA
(mlebet)
.... kula sowan kanjeng ...
61. PENGERAN DARPA
Kaget,
penjenengan kula timbali paman ...?
62. PATIH PATIH TOYAMERTA
Mesthi
kemawon Pengeran, jalaran mboten nate penjenengan nimbali kula ing wanci ndalu,
wonten wigatos menapa, Kanjeng ...?
63. PENGERAN DARPA
(ngumus
pusaka) ... paman, mangga kula aturi nampi pusaka menika.
64. PATIH PATIH TOYAMERTA
Kersanipun?
65. PENGERAN DARPA
Kula
ngersakaken sirnanipun tunggak kemadhu ing ndalem kapatihan, ...(nilaraken
pidaleman).
66. PATIH PATIH TOYAMERTA
(ningali Losari,
lajeng medal).
ADEGAN II
PAPAN :
ALUN-ALUN
PARAGA : TUMENGGUNG MARTA NEGARA (TUMAPEL)
RATU SEPUH TUMENGGUNG SURYADIPA (SINGOSARI) PRAJURIT TUMAPEL PENGERAN KAYUN PRAJURIT SINGOSARI
WANCI :
DALU
SUWASANA :
TEGANG
|
ISI ADEGAN
Tumenggung Martanegara, Tumenggung Suryadipa lan
prajurit sami daredah
Antawacana :
67. TUMENGUNG SURYADIPA
MARTANEGARA,
lagi apa ing papan kene?
68. TMG. MARTANEGARA
(sinis)
apa perlu kowe ngerti?
69. TUMENGUNG SURYADIPA
Ya
gene ora, jalaran iki tanggunng jawabku, njaga katentremaning praja Singasari
sak wise jumeneng. Apa maneh kowe kalebu siji ing antarane punggawa kang ora
sarujuk, klawan pranataning praja kang anyar.
70. TMG. MARTANEGARA
Mesthi
wae, jalaran pranataning negara saiki wis rusak, beda klawan nalika den asta
dening sinuwun Prabu Sindunegara sak
durunge seda. Jajal rasakna pendhak-pendhak ana kawula cilik kang duwe
kaluputan, mesthi gedhe pidanane, nanging lamun ana punggawa praja kang nerak
pranatan, malah diayomi dening negara. Apa ngono kuwi patut disuyuti, mula, ora
tak selaki nggonku cumondhok ing papan kene bebarengan klawan kabeh para
prajurit lan kawula, nyraosi kanjeng
pengeran Kayun, arsa boyong neng Tumapel.
71. TUMENGUNG SURYADIPA
Yen
ngono rehning iki dadi larangane negara, sapa wae ora dikeparengake metu tanpa
palilah Dalem Kanjeng Pengeran Darpa. Mula, kowe kudu manut tak sowanake ing
pendhapa.
72. TMG. MARTANEGARA
Kene!!,
... nek kowe bisa ...
73. TUMENGUNG SURYADIPA
Hee, ....prajurit, ....cekel ....
(Perang, dhatengipun pengeran Kayun).
74. PENGERAN KAYUN
(keras)
Mandheg.....apa perkarane ....?
75. TMG. MARTANEGARA
Pengeran,
piyambakipun badhe nyepeng kula sak kanca lan badhe kaseret ing pendhapi.
76. PENGERAN KAYUN
(noleh
Suryadipa) ...bener...?
77. TUMENGUNG SURYADIPA
Kula
jejering kawula ingkang ngetokaken dhawuhing ratu.
78. PENGERAN KAYUN
Sira
kabeh ora salah, merga kowe suryadipa, nindakake kuwajibanmu, lan sira Martanegara
ngestokaken dhawuh. Mula, Suryadipa, yen kowe nyengkuyung kangmas pengeran Darpa,
tetepa ing Singasari, dene keng tuhu tresna marang aku, ayo ndhereka aku
menyang Tumapel.
79. RATU SEPUH
(mlebet kaliyan nangis) ..
Oh
Kayun, ibu ndherek sliramu wae ngger....
80. PENGERAN KAYUN
(bingung)
wonten menapa Ibu....wonten menapa....
81. RATU SEPUH
Aku
ditundhung kangmasmu ngger....
82. PENGERAN KAYUN
Keparat.....Darpa...
(badhe njangkah dipun gondheli Ratu
Sepuh).
83. RATU SEPUH
Aja
ngger...aja... kangmasmu lagi kepanjingan iblis, ayo ibu kanthinen wae ing
Tumapel....
84. PENGERAN KAYUN
Menawi ngaten
....mangga ibu....
ADEGAN III
PAPAN :
DALEM KEPATIHAN
PARAGA
: ABDI
TRUSTI TARUNA NYI PATIH PATIH TOYAMARTA PANGERAN DARPA DEMANG LOSARI
WANCI :
ENJANG
SUWASANA :
CERIA /TEGANG
|
ISI ADEGAN
Kepatihan dhatengipun Pengeran Darpa lan Demang Losari
Antawacana
Abdi
nembang, nglipur trusti..
85. TRUSTI
(mlebet,
abdi mandheg) lho, kena apa kok mandheg,
terusna....
86. ABDI
(isin)
....ah...mboten....
87. TRUSTI
Ora
apa-apa Biyung, aku malah bombong, lamun biyung isih gelem sinau bab olah seni
suara. Awit iku kalebu ahli kagunan, kang naluir wae memetri klawan adege
kagunan mau, jalaran ahli kagunan iku klebu ing wewengkone kabudayan, lan
kabudayan iku minangka ukuraning bangsa. Dadi luhur lan asor drajating bangsa
bisa kaukur saka kabudayane.
88. ABDI
Waahh,
...penjenengan thik wasis temen leh, Gusti putri.
89. TRUSTI
Ya
gene ora, ....putra Patih jare, ...apa maneh pemerintah saiki lagi
mempeng-mempenge mangun negara, murih rahayuning para kawula. mula, ayo padha
disengkuyung supaya enggal bisa dirasakake asile.
90. ABDI
Mesthi
kemawon gusti putri, bojo kula kemawon nembe kula bangun, alise kula kerok,
rambute kula brodholi, lajeng kula tumbaske ban vespa, kula emoh ketinggalan
jaman ta, jamane empun maju.. hehe....
91. TRUSTI
Ya
senajan kaya ngono aja nganti ninggalna
adat ketimurane, wong jawa kuwi aja nganti ilang jawane.
92. ABDI
Ning
wong jawa sakniki niku pun padha minger keblate, tegesipun rame ing pamrih sepi
ing gawe, cetha nek kleru nggih dianggep bener mawon. Ning nyatane jaman lagi
jaman kala bendu, kepripun malih, sakniki niku nek wonten perkara bingung yen
badhe njaluk pengadilan, makmur pancen makmur, nanging adile sing dereng.
93. TRUSTI
Sssst.
. . . aja sembarangan lho, yen kepireng pengeran Darpa bisa dipidana kowe
mengko.
94. ABDI
Nanging
menika ungkapan hati nurani gusti putri . . .
95. TRUSTI
Biyung,
jebul kowe yo pinter, apa kowe sinau pralambang jaman?
96. ABDI
Inggih ta, wong kula niki turas turuning pujangga
kok.
( kesaru dhatengipun bagus Taruna ).
( kesaru dhatengipun bagus Taruna ).
97. TRUSTI
Dhimas
Taruna , saka ngendi wae . . . ?
98. TARUNA
Nengga
rama kok ora kondur-kondur kang mbok. . . .
99. TRUSTI
Lha
wong rama Toyamarta iki jejering patih , . .
pati-pati ditimbali ya mesthi ana dhawuh kang kudu ditindakake dhimas...
100.
TARUNA
Kuwi bener kang mbok, nanging wong tindake kuwi mau
bengi kok nganti saiki durung kondur.
101.
TRUSTI
Mengko sedhela
maneh rak ya kondur.
102.
TARUNA
Alaah..penjenengan kuwi mung nglipur
atiku wae kang mbok. . ..
(sinambi
medal).
103.
ABDI
Wah, pancen gus Taruna menika
tresnanipun kalian ingkang rama ngedap-edapi sanget..
104.
NYI
PATIH
ana apa Trusti. . . ?
105.
TRUSTI
Menika kala wau lho bu, dhimas Taruna
106.
NYI
PATIH
Hmm,. . . ora maido, awit . .
107.
TRUSTI
Ibu, . . . menika rama rawuh..
(Dhatengipun
Patih PATIH TOYAMERTA)
108.
NYI
PATIH
(majeng ) Kang mas, mangga kula aturi
pinarak. . .
(noleh dateng trusti, trusti lan abdi
medal)
kang mas , . . sak sampunipun lenggah kula badhe miterang, menapa
ta wigatosipun dene ing wanci dalu penjengan tinimbalan ing pendhapi agung. . .
?
109.
PATIH
PATIH TOYAMERTA
(mlebet) aku nampa kanugrahan dhiajeng..
jalaran aku pinaringan pusaka Dalem pepundhen ing praja Singosari.
110.
NYI
PATIH
Kersanipun . . . ?
111.
PATIH
PATIH TOYAMERTA
Supaya ngisas tunggak kemadhu kang ana
dalem kepatihan . . . (nyi Patih kaget).
112.
NYI
PATIH
( bingung ). . . tunggak kemadhu ...? Taruna kang mas . . .?
113.
PATIH
TOYAMERTA
Bener dhiajeng. . .
114.
NYI
PATIH
( kaget ) oh .. lajeng penjengan?
115.
PATIH
TOYAMERTA
Aku kawula, sing kudu ngestokake
dhawuhing ratu.
116.
NYI
PATIH
Menika leres kang mas, nanging menika
dhawuh kang ngayawara, ingkang mboten saget enggal katindakaken . . . awit . . .
117.
PATIH
TOYAMERTA
Aku kalah panguwasa dhiajeng, lamun aku
ora nindakake dhawuhing pengeran Darpa, aku mesthi bakal nampa pidana.
118.
NYI
PATIH
Namung semantena kang mas, Taruna menika
anak kula, putra penjenengan, senajan namung titipan. Nanging anggen kita
nglelithing, nggula wenthah menika wiwit tasih alit kang mas, . . . menapa
penjenengan badhe tega, badhe mentala merjaya putra piyambak, kang mas?
119.
PATIH
TOYAMERTA
Dhiajeng . . . semono gedhene katresnanmu marang
Taruna, . . . lan kuwi ora ana bedane
klawan katresnanku , . . . ning yen aku
kudu ngiris daging kang tumempel ning saliraku, . . . njur piye nggonku bakal nglakoni dhiajeng?
ah. . .mbok menawa wae , iki wis dadi
garis pepesthen geraking kodrat. . .
120.
NYI
PATIH
Kodrat saget dipun wiradati , mboten. .
. kula mboten saget pisah kaliyan
Taruna. . . mboten kang mas. . .
Ngebat keris, badhe mbalik dipun tubruk
Taruna
121. PATIH TOYAMERTA
Taruna anakku ngger. . . (Nangis)
(Dhatengipun
Pengeran Darpa, Demang Losari).
122.
TARUNA
Rama lan ibu . . . mboten sisah kaget
utawi ngungun,. . . jalaran menika
pancen kula sengaja . awit samenika kula ngertos, . . . jebul kula sanes putra penjenengan, kula
namung bocah buwangan ingkang lair saking garwa peteng ingkang namung pantes
dipun bucal . . . mila. . . gunging
panuwun kula tanpa upami. . . dene
penjenengan sekaliyan , rama lan ibu sampun nyisihaken wekdal kangge ngupakara
, momong kula ngantos dewasa. Lajeng menapa atur piwales kula dhateng
penjenengan. . . menawi mboten namung nguwali
penjenengan saking pidana.
(
jumeneng nyateti pengeran Darpa )
Gusti pengeran Darpa, kula suwun rama
lan ibu ampun ngantos kapidana , jalaran kula ingkang penjenengan anggep klilip
sampun mboten badhe wonten ing jagat raya menika. Rama. . . ibu. . .
, nyu. . .wun. . pa. . miiiit. . .
(
Taruna pejah ).
123.
NYI
PATIH
(njerit). . . Tarunaaaaaaa. . ...
124.
PENGERAN
DARPA
Paman Toyamerta , kaya bener ature
Losari lamun kowe kudu tetep nampa pidana.
125.
PATIH
TOYAMERTA
Dhasaripun.?? Dhawuh penjenengan sampun
kula estokaken. . . Taruna sampun pejah. . .
126.
PENGERAN
DARPA
Patine Taruna mung sengaja , dheweke
lampus dhiri. . . ora saka tanganmu,
mula . . . iki wis dudu perkara ilange
tunggak kemadhu ing Singosari, nanging kawula kang ora ngestokake dhawuhing
ratu.
127.
PATIH
TOYAMERTA
Oh,. . . .pengeran ,. . . kula mboten
badhe ngoweli gesang kula, menawi penjenengan kagungan kersa mekaten. . . mangga . . .
128.
TRUSTI
( mlebet ) rama . . ibu . .
wonten menapa. . . ?? ( noleh dhateng Taruna ). . . dhimas . .
dhimas Taruna . . wonten menapa
kaliyan dhimas Taruna ibu. . . ?
129.
NYI
PATIH
Kabeh iki mung saka kersaning pengeran
Darpa. ( Trusti noleh dhateng pengeran Darpa ).
130.
PENGERAN
DARPA
(kepranan dhateng Trusti ). . . paman
tak uwali saka pidana . . nanging aku
ngersakke putrimu. . . Trusti.
131.
TRUSTI
( noleh ) apa . . . ?? pengeran
Darpa, kowe dudu ratu ing Singosari . .
. nanging iblis Singosari. .
(
nilaraken pendhapi ).
132.
PATIH
TOYAMERTA
( kaget ) . . . Trusti
. . !!
133.
PENGERAN
DARPA
Paman, . . aku butuh Trusti tak boyong dina iki ing
Singosari
(
Nyi patih medal, lajeng mlebet malih )
134.
NYI
PATIH
kang mas, . . Trusti
minggat, . .
135.
PATIH
TOYAMERTA
Apa?
136.
DEMANG
LOSARI
Pengeran. . . napa nandalem pitados?? menika
paling namung gawe-gawe.
137.
PENGERAN
DARPA
Uwal lan orane pidanamu mung gumantung Trusti,
. . prajurit? ..
138.
PRAJURIT
Dhawuh dalem pengeran.
139.
PENGERAN
DARPA
Seret Toyamarta sak garwane, lebokke
pakunjaran.
140.
PRAJURIT
Sendika
. .
(nyeret
toyamarta lan garwa )
141.
NYI
PATIH
(nangis ).. . Taruna , . . .Taruna . . .
142.
DEMANG
LOSARI
Hmm, . . . modar kowe,. . . .(Nyadhuk Taruna)
ADEGAN IV
PAPAN :
PAKUNJARAN
PARAGA
: PATIH PATIH TOYAMERTA
NYI PATIH TRUSTI PRAJURIT PANGERAN DARPA DEMANG LOSARI
WANCI :
DALU
SUWASANA : HENING / TEGANG
|
ISI ADEGAN
Prajurit jagi pakunjaran, lajeng dhatengipun Trusti
ANTAWECANA
143.
PRAJURIT
Sapa kowe . . . ??
144. TRUSTI
Kula abdinipun gusti pengeran Darpa.
145. PRAJURIT
Karepmu. . . ??
146. TRUSTI
Kinen nyaosaken unjukan menika , . . awit
penjenengan dipun anggep prajurit ingkang tansah ngestokaken dhawuhipun.
147. PRAJURIT
O. . . ya. .
ya . . kene. . kene . . (sami mabuk )
(Toyamarta lan garwa dipun luwari TRUSTI)
148. PANGERAN DARPA
He. . . ! ! padha
tangi . . lagi pada apa kowe??
149. DEMANG LOSARI
( Majeng ). .
wah sami mambet tuak pengeran . .
150. PANGERAN DARPA
. . . Tangekna. .!!
151. DEMANG LOSARI
He. . . ! ! padha
tangi . . ayo pada tangi . . lagi pada apa kowe??
152. PRAJURIT
Kala wau wonten utusanipun pengeran Darpa, ingkang
maringi tuak menika
153. PANGERAN DARPA
(nyepeng prajurit ). . . sapa . ?? he.. Losari,
tilikana pakunjaran. .
154. DEMANG LOSARI
(medal, mlebet malih ) . . waduh, . ketiwasan
pengeran .. pakunjaran bobol.
155. PANGERAN DARPA
Hee. . . keparat . .
!! ( duka dhateng prajurit )
156. DEMANG LOSARI
Pengeran , mboten wonten ginanipun penjenengan duka dhateng
tiyang-tiyang menika, . . ingkang baken.
. mumpung durung tebih , . mangga dipun
bujung.
(Pengeran Darpa, Demang Losari, Prajurit
bidhal mbujung mlajaripun Trusti)
ADEGAN V
PAPAN : MARGI
PARAGA : PATIH PATIH TOYAMERTA
NYI PATIH TRUSTI DEMANG LOSARI PANGERAN DARPA
WANCI :
DALU
SUWASANA : TEGANG
|
ISI ADEGAN
Trusti mlajar dipun bujung pengeran darpa
Trusti mlajar dipun bujung pengeran darpa
ANTAWECANA
157.
NYI
PATIH
(nangis) . . . Trusti, . . anakku ngger. . (dipun rangkul ).
158. TRUSTI
Rama lan ibu, samenika ngaten kemawon, murih mboten
saget kabujung dening pengeran Darpa, lan sawadya balanipun, penjenengan
sekaliyan kula aturi ngrumiyini lampah tumuju ing Tumapel .
159. TOYAMATRA
Banjur kowe .
.??
160. TRUSTI
Tetep ing papan menika , . nengga pengeran Darpa
supados mboten mbujung penjenengan.
161. NYI PATIH
Nanging ngger. . .??
162. TRUSTI
Kula pitados, menawi Pengeran Darpa mboten badhe menapa-menapa,
mila . . mumpung dereng caket, . .
163. TOYAMARTA
sing ngati-ati ngger . .
( Toyamarta lan garwa
bidhal).
164. PANGERAN DARPA
(mlebet). . Trusti. ?? jebul kowe kang mlebu jroning pakunjaran.
. ??
165. TRUSTI
Bener pengeran, . . merga aku butuh wong tuaku.
166. PANGERAN DARPA
Yen kuwi sing
mbok karepake, ya gene kowe ora blaka
wae klawan aku, ora-ora..yen bakal dak kukuhi, jalaran aku butuh sliramu,
supaya ngisi dhampar prameswari kang
isih komplang.
167. TRUSTI
Pengeran . . .
sapatine kadangku Taruna, atiku isih tatu, mula, salawase aku ora bakal
nampa katresnanmu.
168. PANGERAN DARPA
Aja ngono Trusti, aku tresna marang kowe, ayo
timbangana katresnanku
(Gandrung.. telas
gendhing dipun tamani pusaka Trusti).
169. TRUSTI
Iki sing mbok butuhake, iblis ..!!
170. PANGERAN DARPA
Aaaahhh.....!!! Trusti. . . ora ngira babar pisan
yen kowe bakal tegel klawan aku Trusti.
171. TRUSTI
(taksih nyekel pusaka). Oh. . ora. . ora. .
(mlajar).
172. DEMANG LOSARI
Pengeran,. . . ?? kenging menapa pengeran?
173. PENGERAN DARPA
Minggir. . !! Ojo nyedak marang aku Losari !!
sumingkir. . sumingkir saka papan kene. . .
Trusti. . . Trusti. . . (medal nututi Trusti)
174. DEMANG LOSARI
(bingung) .. aneh. . ah.. (banjur ngguyu, seneng)
Pangeran
cubluk, modara lak wis.. modara kabeh sabrayatmu, ganti aku sing nguwasani
Singosari saisine. ha ha ha...
ADEGAN VI
PAPAN : TUMAPEL
PARAGA
: PENGERAN KAYUN
PENGERAN DARPA PATIH PATIH TOYAMERTA RATU SEPUH TUMENGGUNG MARTANEGARA PRAJURIT GARWA PATIH PATIH TOYAMERTA TRUSTI
WANCI :
ENJANG
SUWASANA : TEGANG
|
ISI
ADEGAN
Tumapel
komplit, dhatengipun Toyamarta, Darpa lan Trusti
ANTAWECANA :
175.
PANGERAN
KAYUN
(Wibawa) Martanegara. . . piye Wartane Singosari?
176. TMG. MARTANEGARA
Punten dhalem sewu, warta ingkang kula tampi saking
prajurit sandi, bilih Singosari ing wekdal menika tansaya bobrok, menapa malih
kakang Patih Toyamerta
sagarwanipun kalebetaken dhateng pakunjaran.
177. PANGERAN KAYUN
(kaget) lajeng lepatipun??. .
(Kedadak Dhatengipun
Patih Toyamerta sagarwanipun)
178. PATIH TOYAMARTA
(mlebet) kula sowan pengeran. .
179. PENGERAN KAYUN
( pangling ) sapa ya?? Martanegara, sapa iki?
180. TMG. MARTONEGARA
Lho... menika rak kakang Patih Toyamerta ta sinuwun.
181. PENGERAN KAYUN
Oh.. paman, mangga. . mangga. . kula aturi majeng mriki.
182. RATU SEPUH
Toyamarta. .
kok kaya ngono temen kowe. .
183. PATIH TOYAMARTA
Inggih, sedaya menika . . .
184. RATU SEPUH
(nyaut) aja mbok terusake , aku ngerti sapa kang
tumindak. Nanging. . .
Kedadak dhatengipun
Trusti...
185. TRUSTI
(mlebet , gugup ) . rama.. ibu . . (ngabruk ibunipun).
186. PATIH TOYAMARTA
Ana apa Trusti , matura sing cetha !
187. TRUSTI
Anu rama. . . kan. . jeng. . pengeran. .Darpa
188. PENGERAN KAYUN
Pengeran Darpa!!
Kedadak dhatengipun
Pangeran Darpa
189. PENGERAN DARPA
Trusti. . .Trusti. .
190. PENGERAN KAYUN
(trenyuh ) kang mas, kang mas Darpa. . .
191. PENGERAN DARPA
Aja cedhak. . .aku dudu kadangmu.
192. PENGERAN KAYUN
Nanging, penjenengan tatu kang mas. .
193. PENGERAN DARPA
Tatu. .aku
tatu? .. . aku ora tatu. . . ! !
194. RATU SEPUH
Darpa . . oh putraku ngger..
195. PENGERAN DARPA
Sanes. . .kula sanes putra penjenengan, kula namung
manungsa ingkang kebak dosa lan kaluputan.
196. RATU SEPUH
Ora, ora ngger,. .
kowe ora luput, kabeh mau merga Losari. .
197. PENGERAN DARPA
Mboten ... losari ugi mboten lepat, jalaran kula
ingkang mboten saget uwal saking blenggunipun. Mila ibu. . dhimas Kayun, paman Toyamarta lan sedaya
kemawon, mugi kersa paring pangapura dhateng sedaya dosa kula.
198. PENGERAN KAYUN
Kang mas, mangga dipun usadani rumiyin tatunipun.
199. PENGERAN DARPA
Ora. . .ora dhimas . . aku wis ora bakal suwe.
. aku bakal mati. Nanging aku njaluk . .
.supaya mati ana ing Trusti . (dhateng Trusti) Trusti. . . kene nyedhaka marang
pun kakang yayi. . . kene Trusti
(sedaya noleh dateng Trusti, toyamarta manthuk, Trusti
lajeng maju mangku pengeran darpa).
200. PENGERAN DARPA
Aku. . . nja.
. luk. . .pa. . mit. . .Trusti (mati)
201. SEDAYA
(njerit sareng) Darpaaaaaa. .. . .. !!!
............PARIPURNA.........
Tidak ada komentar:
Posting Komentar